![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/6/6f/Chateau_Fontainebleau.jpg/640px-Chateau_Fontainebleau.jpg&w=640&q=50)
Istana Fontainebleau
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pura Fontainebleau utawi Château de Fontainebleau inggih punika salah satunggalipun pura ingkang wonten ing Prancis.[1] Tebihipun watawis 40 mil saking Kutha Paris.[2] Pura Fontainebleau sampun dipun-ginakaken raja-raja Prancis awit abad angka 12.[1] Pura punika mapan ing satengahing wana Fontainebleau ingkang wiyaripun 17 hèktar.[1] Sadèrèngipun dipunéwahi, pura punika mapan ing wana ingkang wiyar ing Île-de-France, salajengipun dipunéwahi lan dipunwiyaraken malih déning François I ing abad angka 16.[1] François I gadhah pikajeng badhé damel pura kasebat saéngga mémper kados pura-pura ing Kutha Roma.[1]
Pura Fontainebleau | |
---|---|
Janeng ing Pratélan Warisan Donya | |
![]() | |
Jinis | Budaya |
Wewaton | ii, vi |
Rujukan | 160 |
Tlatah UNESCO | Éropah |
Sujarah prasasti | |
Prasasti | 1981 (Sési 5th) |
Masalah Lua ing Modhul:Location_map larik 501: Unable to find the specified location map definition. Neither "Module:Location map/data/Prancis" nor "Template:Location map Prancis" exists. |
Pura Fontainebleau ingkang asring sinebat Pura Italianate punika dipunkupengi taman ageng.[3] Wangunan punika nggabungaken seni arsitèktur Renaisans lan tradisi artistik Prancis.[3] Pura lan taman Fontainebleau sampun kadhaptar minangka situs warisan donya UNESCO awit taun 1981.[3]
Arsitèktur lan dhékorasi Pura Fontainebleau kalebet karya ageng artistik Prancis-Éropah.[4] Dipundamel kanthi pambiyantu seniman saking Italia, ingkang nepangaken éstetika rénaisans dhateng Prancis.[4] Pura punika dados salah satunggaling situs paling wigati lan merbawani ing Prancis.[4] Pambangunan pura karajan dipunwiwiti saking pamaréntahan François I.[4] Modhifikasi pura salajengipun dipunterasaken ing abad angka 19.[4] Wonten ing wekdal samangké Pura Fontainebleau kapérang dados gangsal latar lan dipunkupengi taman lan wangunan sanès ingkang dipuntata kanthi saé.[4]