![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/7/78/Eurydice_pulchra.jpg/640px-Eurydice_pulchra.jpg&w=640&q=50)
Isopoda
From Wikipedia, the free encyclopedia
Isopoda inggih menika ordo (kelompok) saking krustasea ingkang kalebet kutu kayu, Ligia lan krabatipun. Isopoda menika urip wonten ing sagara, wonten ing toya ingkang tawar, utawi wonten ing dharat lan sapérangan ageng menika kéwan warni radi klawu (abu-abu) utawi radi putih alit kanthi eksoskeleton (kerangka èksternal) kaku lan wonten sègmentasi. Isopoda menika gadhah kalih pasang anténa, pitung pasang suku wonten sendhinipun ing toraks, lan gangsal pasang èmbèl-èmbèl mawi cabangipun wonten ing bagéyan abdomen ingkang dipun-ginakaken wonteh ing respirasi. Ingkang babon njagi anakipun wonten ing kanthong sangandhaping toraks. Ngopèni anak Isopoda menika gadhah manéka cara kanggé maringi dhaharan: sapérangan dhahar tuwuhan lan kéwan ingkang mati lan dados bathang, sanèsipun menika dhahar suket utawi pikantuk partikel dhaharan saking toya ingkang sakiwa tengenipun Isopoda, sapérangan ugi menika dados predator lan wonten ugi ingkang dados parasit saé internal utawi èksternal, sapérangan ageng wonten ing iwak. Spésies toya sapérangan ageng urip wonten ing dhasaring sagara utawi ing sangandhapipun toya tawar, ananging sapérangan taksa ingkang langkung mlebet derivasi (klompok lajengan) saged nglangi kanthi jarak ingkang cerak. Wujudipun terestrial menika saged owah kanthi mbrangkang lan langkung kapanggihaken wonten ing papan ingkang adhem lan radi teles. Sapérangan spésies saged nggulung piyambakipun dados bal kanggé ngirit toya utawi minangka mekanisme njagi awak.
Isopoda Kalamangsa: 300–0 Ma | |
---|---|
![]() | |
Eurydice pulchra, isopoda karnivora ingkang kapanggihaken wonten pantai pasir | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Arthropoda |
Subfilum: | Crustacea |
Klas: | Malacostraca |
Subklas: | Eumalacostraca |
Superordho: | Peracarida |
Ordho: | Isopoda Latreille, 1817 [1] |
Subordo | |
|
Wonten langkung saking 10.000 spésies isopoda wonten ing donya kanthi kirang langkung spésies ingkang kapanggihaken wonten ing lingkungan sagara, sapérangan ageng wonten ing dhasaring sagara, 500 spésies wonten ing toya tawar lan 5.000 spésies wonten ing dharat. Ordo menika dipunperang dados sewelas subordo. Cathetan fosil isopoda menika asalipun saking periode Karbon (ing zaman Pennsylvanian), kirang langkung 300 uuta tahun kepengker, nalika isopoda mapan wonten ing sagara ingkang cethek. Nama Isopoda menika asalipun saking akar basa Yunani ἴσος (iso-, ingkang ateges "sami") lan πούς (pod-, pous, ingkang ateges "suku").[2][3]