![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/5/50/Imelda-alone.jpg/640px-Imelda-alone.jpg&w=640&q=50)
Imelda Marcos
From Wikipedia, the free encyclopedia
Imelda inggih punika salah satunggalipun tiyang wadon saking Filipina.[1] asma aslinipun Imelda Romualdes.[1]. Dipuntambahi Marcos amargi garwanipun Ferdinand Marcos.[2] Ferdinand Marcos inggih punika tiyang ingkang naté mikul kalungguhan présidhèn ing Filipina.[2] panjenenganipun Miyos tanggal 21 Mèi 1928.[3]. Asma Bapakipun inggih punika Orestes lan Ibunipun Remedios Trinidad utawi asring dipuntimbali Medy.[3] tanggal 6 April 1954 Imelda pisanan pepanggihan kaliyan Ferdinand Marcos.[1] Boten dangu, namung 11 dinten sasampun piyambakipun pepanggihan, Imelda purun nandhatangani surat nikah ingkang dipunbeta Ferdinan Marcos.[2] Wekdal punika Imelda dèrèng ngertos manawi Ferdinand sejatose sampun gadhah garwa, namanipun Carmen Ortega lan sampun patutan tiga.[4]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/5/50/Imelda-alone.jpg/640px-Imelda-alone.jpg)
Ferdinand Marcos kapilih dados Présidhèn Filipina ing taun 1965.[5] Imelda dados Ibu nagara ingkang paling nem ing sajarah Filipina.[5] tanggal 30 Dhésèmber 1965 piyambakipun mlebet pura Malacanang.[5] rikala kepemimpinanipun marcos ingkang kapisan, Imelda boten tumut prakawis papréntahan.[5] Panjenenganipun arang sesorah, arang tindhak piyambakan, Imelda langkung asring nata dekorasi pura utawi nggantosi menu dhaharan ing pista kepresidenan.[5] wonten ing taun-tahuun pisanan imelda dados ibu nagara, panjenengané wigati sanget marang pamanggih tiyang sanès mliginipun pamanggih garwanipun.[5] Imelda ugi ngatos-atos citranipun ing donya pulitik.[6]