Il Principe
From Wikipedia, the free encyclopedia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Il Principe (basa Inggrisé: The Prince), iku risalah pulitik, buah karya falsafah pulitik Niccolò di Bernado Machiavelli. Wiwitané dijenengaké De Principatibus (Bab Kakuwasan), lan ditulis ing taun 1513,[1] nanging durung diterbitake nganti taun 1532, ya iku limang taun sawisé sédani Machiavelli. Rislah iku mau sakbeneré ora mung siji-sijiné karya Machiavelli, nanging minangka salah siji kang paling kawentar.
Panganggit | Niccolò Machiavelli disadur déning Pax Benedanto |
---|---|
Nagara | Italia |
Basa | Indonésia |
Gènre | Pulitik |
Pangecapan | •Jakarta: KPG (Kepustakaan Populer Gramedia), 1997 |
Kala babar | 1997 |
Kaca | 126 halaman |
ISBN | 979-9100-02-X |
Pandhangan kang dijelasaké déning Machiavelli sajeroning The Prince manawa rada ekstrim. Bab iku amarga dhèwèké urip ing taltah Florence kang wektu iku tansah ana konflik pulitik. Mulané, aji utama kang dipentingké déning Machiavelli ya iku stabilitas. Téyori Pulitik sajeroning The Prince sok dipuja minangka gagasan kang mènèhi inspirasi marang para pangèran kanggo nggayuh kakuasaan, utawa tumrap para pangèran kang lagi mengku kalungguhan kanggo njaga kakuasaané. Miturut Machiavelli, moralitas kang paling wigati iku nagara kang wicaksana lan stabil, déné tindak apa waé—sanajan kotor lan kurang manusiawi—isih bisa dibeneraké. Sanajan mangkono, para pangeran wajib nindakaké apa waé kanggo njaga kakuasaané, nanging sakndhuwuré iku kabèh Machiavelli nganjuraké banget supaya aja nganti para pangèran mau dibenci. Andharané: "..a wise prince should establish himself on that which is his own control and not in that of others; he must endeavour to avoid hatred, as is noted." Dhèwèké uga mènèhi andharan: "It is best to be both feared and loved, however, if one cannot be both it is better to be feared than loved." (Pancèn luwih utama yèn bisa di wedèni lan sisan ditresnani, nanging yèn ora bisa loro-loroné luwih becik kudu diwedèni tinimbang ditresnani). Andharan pambuka sajeroning The Prince mratélakaké cara mimpin kang efektif sajeroning sawatara modèl kakuasaan (upamané, lagi diangkat/ngrebut? vs. pewarisan). Machiavelli ngandharaké, upama dadi anggota bangsawan Florence, cara kang paling apik kanggo ngèntukaké, njaga, lan nglindhungi nagara ya iku nganggo cara perang lan kakejeman. The Prince dianggep buku kang paling duwé prabawa sajeroning pulitik, mligi ing babagan carané ngrengkuh, nglestarèkaké lan migunakaké kakuatan pulitik.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.