![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/1/12/Berlin.Dom.View008.jpg/640px-Berlin.Dom.View008.jpg&w=640&q=50)
Humboldt-Box
From Wikipedia, the free encyclopedia
Humboldt-Box iku sawijining gedhong paméran sawatara sing dibuka taun 2011 ing Berliner Schloßplatz ing sabrangé Lustgarten ing Berlin Mitte. Gedhong iki ndarbèni fungsi minangka punjer informasi nalika Kastil Berlin (Berliner Stadtschloss) dibangun manèh lan Humboldtforum ditata, kanggo mratélakaké sajarahé papan iki lan panrapan papan iki ing tembé. Sanajan gedhong iki sajatiné proyèk Sénat Berlin pérangan pangrembakan kutha (Berliner Senatsverwaltung für Stadtentwicklung), sing mènèhi béya iku sèktor swasta. Nalika nggolèki sing bakal gelem mènèhi dana, mula dianakaké pangumuman tènder.[1] Ing sasi September 2009, Firma Megaposter olèh.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/1/12/Berlin.Dom.View008.jpg/640px-Berlin.Dom.View008.jpg)
Téma pamèran sajeroning Box iki, sajarah, pambangunan lan delahaning Kastil Berlin saha Humboldtforum. Saliyané iku informasi ngenani konsèp pamèran interaktif anyar sing lagi dikembangaké kanggo Humboldtforum uga dipratélakaké. Ing kéné mengko bakal dadi punjeré pamèran kolèksi njaba-Éropah lan téma kabudayan saha sains. Ing taun 2013 Humboldt-Box bisa narik ditekani 136.000 wong.[2]