From Wikipedia, the free encyclopedia
Sajeroning babagan kimia, hidrokarbon iku siji senyawa sing kapérang saka unsur karbon (C) lan hidrogen (H).[1] Kabèh hidrokarbon duwé ranté karbon lan atom-atom hidrogen sing silih iket karo ranté mau. Istilah iku dipigunakaké uga minangka pangertèn saka hidrokarbon alifatik.
Minangka tuladhané, metana (gas rawa) iku hidrokarbon mawa siji atom karbon lan papat atom hidrogen: CH4. Etana iku hidrokarbon (luwih rinci, siji alkana) sing kapérang saka rong atom karbon dadi siji mawa siji ikatan tunggal, saben atom karbon ngiket telu atom hidrogen: C2H6. Propana duwé telu atom C (C3H8) lan seterusé (CnH2·n+2).
Senyawa hidrokarbon yaiku senyawa kang mung ngandhut unsur karbon lan hidrogen (CxHy). Senyawa hidrokarbon bisa diklompokaké miturut struktur molekul lan miturut kejenuhan ikatan.
Amarga struktur molekulé béda, mula rumus empiris antarané hidrokarbon uga béda: gunggungé hidrokarbon kang ditalèni ing alena lan alkuna mesthi luwih sithik amarga atom karboné ikatan rangkep.
Kemampuan hidrokarbon kanggo talènan karo awaké dhéwé diarani katenasi lan njalari hidrokarbon bisa mbentuk senyawa-senyawa kang luwih jangkep, kaya ta sikloheksana utawa arena kaya ta benzena. Kemampuan iki bisa amarga sipat ikatan ing antarané atom karbon kang sipaté non-polar.
Miturut téyori ikatan valensi, atom karbon kudu nggenepi aturan "4-hidrogen" kang nyatakaké gungguné atom paling akèh kang bisa talènan karo karbon, amarga karbon duwè 4 elektron valensi. Didelok saka elektron valensi iki, mula karbon duwé 4 elektron valensi kang bisa mbentuk ikatan kovalen utawa ikatan dativ.
Hidrokarbon asipat hidrofobik lan kalebu ing lipid. Sawatara hidrokarbon sumadya akèh ing tata surya. Danau isiné metana lan etana cuwer wis tinemu ing Titan, satelit alam kabesar ing Saturnus, kaya kang dinyatakaké déning Misi Cassini-Huygens.[6]
Jumlah atom karbon |
Alkana(1 ikatan) | Alkena(2 ikatan) | Alkuna (3 ikatan) | Sikloalkana | Alkadiena |
---|---|---|---|---|---|
1 | Metana | Metena | Metuna | – | – |
2 | Etana | Etena (etilena) | Etuna (asetilena) | – | – |
3 | Propana | Propena (propilena) | Propuna (metilasetilena) | Siklopropana | Propadiena (alena) |
4 | Butana | Butena (butilena) | Butuna | Siklobutana | Butadiena |
5 | Pentana | Pentena | Pentuna | Siklopentana | Pentadiena (piperylene) |
6 | Heksana | Heksena | Heksuna | Sikloheksana | Heksadiena |
7 | Heptana | Heptena | Heptuna | Sikloheptana | Heptadiena |
8 | Oktana | Oktena | Oktuna | Siklooktana | Oktadiena |
9 | Nonana | Nonena | Nonuna | Siklononana | Nonadiena |
10 | Dekana | Dekena | Dekuna | Siklodekana | Dekadiena |
Hidrokarbon yaiku salah sawijinè sumber ènergi paling wigati ing bumi. Panggunaan kang uutawa yaiku sumber bahan bakar. Mawa wujud padhet, hidrokarbon yaiku salah sawijiné komposisi kanggo mbantuk aspal.[7]
Biyèn Hidrokarbon uga minangka nggawé klorofluorokarbon, yaiku zat kang digunakaké minagka propelan ing semprotan lemut. Saiki klorofluorokarbon ora digunakaké manèh amarga duwé èfèek èlèk tumrap lapisan ozon.
BentukMetana lan etana yaiku gas lan ora gampang dicuwèrké ing tekanan ngono waé. Propana luwih gampang dicuwèraké lan padatan didol ing tabung-tabung kanthi wujud cair. Butana gampang banget dicuweèrké, saéngga luwih aman lan asring minangka pemantik rokok. Pentana dhapuré cair bening ing suhu ruangan, padatan digunakaké ing indhustri minangka pelarut lilin lan gemuk. Heksana padatan uga digunakaké minangka pelarut kimia lan kalebu ing komposisi bènsin.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.