From Wikipedia, the free encyclopedia
Harmoko (lair ing Désa Patihanrowo, Kertosono, Nganjuk, Jawa Timur, 7 Fèbruari 1939; umur 85 taun) ya iku pulitikus Indonésia kang tau dadi Mantri Penerangan Républik Indonésia ing mangsa Orde Baru, lan Ketuwa MPR ing papréntahan BJ Habibie.[1] Dhèwèké tau dadi ketuwa Persatuan Wartawan Indonésia, lan dadi Mantri Penerangan ing ngisore papréntahan Soeharto.[1]
Harmoko | |
---|---|
Ketua Majelis Permusyawaratan Rakyat 9 | |
Linggih 1997 – 1998 | |
Présidhèn | Soeharto |
Kang sadurungé | Wahono |
Linggih 1998 – 1999 | |
Présidhèn | Baharuddin Jusuf Habibie |
Kang sawisé | Amien Rais |
Ketua Dewan Perwakilan Rakyat 11 | |
Linggih 1997 – 1998 | |
Présidhèn | Soeharto |
Kang sadurungé | Wahono |
Linggih 1998 – 1999 | |
Présidhèn | Baharuddin Jusuf Habibie |
Kang sawisé | Akbar Tandjung |
Mantri Komunikasi dan Informatika Républik Indonésia 22 | |
Linggih 19 Maret 1983 – 16 Maret 1997 | |
Présidhèn | Soeharto |
Kang sadurungé | Ali Murtopo |
Kang sawisé | R. Hartono |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Kertosono, Nganjuk, Jawa Timur, Hindia Nèderlan | Fèbruari 7, 1939
Agama | Islam |
Ing taun 1960-an, sawisé lulus saka SMA, dhèwèké kerja dadi wartawan lan uga kartunis ing Harian Merdeka lan Majalah Merdeka.[1] Ing taun 1964 dhèwèké nyambut gawé dadi wartawan ing Harian Angkatan Bersenjata, lan Harian API ing taun 1965.[1] Saliyané iku, dhèwèké uga dadi pemimpin redaksi majalah basa Jawa, Merdiko (1965).[1] Sawisé iku ing taun (1966-1968), dhèwèké dadi pemimpin lan penanggung jawab Harian Mimbar Kita.[1]
Wektu dadi mantri Penerangan, Harmoko ngadegaké obahan Kelompencapir (Kelompok pendengar, pembaca lan pemirsa) kang minangka sarana nyebarake informasi saka pamaréntah.[2] Harmoko bisa kasil memprabawai asile pemilihan umum (Pemilu) kanthi cara Safari Ramadhan.[2] Harmoko kang dadi Ketua Umum DPP Parté Golongan Karya, uga dikenal dadi pencetus istilah Temu Kader.[2] Pungkasan, dhèwèké dadi Ketua DPR/MPR periode 1993-1998 kang bisa ngangkat Soeharto kang dadi présidhèn ing mangsa jabatane ke-6.[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.