Hanji utawa Kertas Koréa (한지;韓紙) ya iku kertas tradhisional Koréa kang wis digunakaké kawit 1600 taun.[1][2] Wong Koréa migunakaké hanji kanggo kebutuhan saben dinane lan kebutuhan rumah tangga wiwit saka buku, témbok, cendela, lante, nganti peti mati.[1] Kandane wong Koréa manfaatke Hanji wiwit kawit lair nganti mati.[1]
Kertas tinemu déning sawijining kasim ing taun 105 M (Dinasti Han) kanthi aran Chae Ryun (Tsai Lun).[1][2][3] Sajarah mlebune tèhnik gawé kertas ing Koréa isih durung dingertèni amarga ora dicatet kanthi jelas.[1][2] Nanging tèks sajarah Jepang mratélakaké manawa sawijining biksu (asal kraton Baekje) kanthi aran Tamjing gawa kertas, mangsi, watu mangsi lan watu asah ing Jepang taun 605.[1][4] Saka Koréa banjur tèhnik gawé kertas nyebar tekan Jepang.[1]
Ing abad kaping 11 lan 12, tèhnik gawé kertas ing Koréa wis ngrembaka banget.[4] Pura kraton Goryeo (918-1392)njurung perkembangan gawé kertas lan ketrampilan nyetak saéngga akèh tèks kang nerbitake tulisan ngenani agama Buda, usada lan sajarah.[4] Nalika iku kerajinan kertas diarani Goryeo-ji (kertas Goryeo) lan misuwur ing Cina.[4] Akèh tèks Cina kang nggunggung kecantikan kertas Koréa lan akèh ilmuwan lan bangsawan kang golèk produk kertas Koréa saliyané golèk keramik hijau (cheongja) lan ginseng Koréa.[4]
- Jikji Simche Yojeol
- Washi
Wikiwand in your browser!
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.