Haifa
From Wikipedia, the free encyclopedia
Cithakan:Infobox Israèl municipality Haifa (Ibrani:חֵיפָה; Arab: حَيْفَا) iku kutha palabuhan ing Israèl sisih lor. Kutha iki kang gedhé dhéwé ing Israèl sisih lor lan kutha gedhé dhéwé kaping telu ing nagara iku. Padunung kutha iki kurang luwih ana 265.000 jiwa. Kutha iki populasiné campuran, kang manggon ya iku wong Yahudi lan wong Arab. Wong Yahudiné akèh kang ijrah saka manten Uni Sovyèt. Ing kutha iki uga ana Punjer Donya Bahá'i, sawijining Situs Warisan Donya UNESCO.
Kutha iki diyasa ing iringing Gunung Karmel, sajarah padunungan ing tlatah iki wis punjul 3,000 taun. Papan padunungan tuwa dhéwé kang diweruhi ing saubengé tlatah iki ya iku Tell Abu Hawam, sawijining palabuhan cilik kang diyasa ing abad prunggu (abad kaping 14 SM).[1] Ing abad kaping 3 M, Haifa diweruhi minangka punjer gawé bahan celup (dye). Sajeroning maabad-abad, kutha iki bola-bali ganti tangan: dikuwasani déning Phoenicians, Yahudi, Hasmonean, Romawi kuna, Byzantin, Arab, Crusaders, Ottoman, Inggris, lan bangsa Israèl. Wiwit pangadegé nagara Israèl ing taun 1948, kutha iki diatur déning Munisipal Haifa.
Saiki, kutha kang jembaré 63,7 km2 iki dadi palabuhan utama kang dumunung ing pasisir Mediteran ing Lempongan Haifa. Kutha iki dumunung watara 90 km saloré kutha Tel Aviv lan dadi punjer régional saka Dhistrik Lor Israèl. Rong sekolah dhuwur ya iku Universitas Haifa lan Technion, dumunung ing Haifa, lan kutha iki nduwé peran wigati sajeroning ékonomi Israèl. Haifa duwé sawatara taman tènologi dhuwur, antarané kang tuwa dhéwé lan gedhé dhéwé ing Israèl,[2] palabuhan indhustri, lan panyulingan lenga patra. Haifa tau dadi terminal pipa saluran lenga saka Irak liwat Jordania.[3]