From Wikipedia, the free encyclopedia
Gyeryongsan utawa Gunung Gyeryong (계룡산) ya iku gunung ing kabupatèn Gyeryeong, provinsi Chungcheong Kidul, Koréa Kidul.[1][2] Dhuwure Gyeryongsan 845 mèter, ateges Gunung Naga lan Pitik amarga ana wewatuan kaya ta pitik ing dhuwur sirah naga.[1] Tumrap wong Koréa, naga lan pitik ya iku kéwan kang gawa kabekjan mula gunung iki ditekani wong kanggo dongasupaya kekarepane bisa dikabulake.[1] Gunung Gyeryong diubengi kuil-kuil Buda kaya ta Donghaksa ing sisih wétan, Gapsa ing kulon, Sinwonsa ing barat daya lan Yonghwasa ing sisih tenggara.[1] Kuil kang paling akèh ditekani wong ya iku Gapsa lan Donghaksa.[1] Daerah iki duwé alas alami lan aliran-aliran kali kang bening.[1] Tuwuhan kang paling akèh ya iku wit tusam lan zelkova.[1] Skai pucuk kang luwih dhuwur Cheonghwangbong, ing dina kang cerah, sesawangan kutha Daejeon katon jelas.[1]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.