![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/4/45/Gyuu-don_001.jpg/640px-Gyuu-don_001.jpg&w=640&q=50)
Gyūdon
From Wikipedia, the free encyclopedia
Gyūdon [1](牛丼, sapi, mangkuk) utawa beef bowl [2] iku salah siji masakan saka Jepang lan isih kalebu jinisé Donburi. Gyūdon iku wujud sega putih kang diwadhahi mangkuk, dhuwure diwènèhi irisan daging sapi pérangan weteng sapi, bawang bombay kang wis dimasak karo kecap asin lan gula. Supaya ben sedhep, ing dhuwure ditawuri asinan jahe (benishōga), campuran rempah lan lombok kang diarani shichimi, utawa diwènèhi endhog pitik mentah miturut selera.[3]
Sunyata Rikat Panggonan asal, Woworan pokok ...
![]() Gyūdon | |
Panggonan asal | Jepang |
---|---|
Woworan pokok | Daging sapi |
![]() ![]() |
Tutup
Gyūdon asalé saka panganan kang diarani Sukiyakidon (sukiyaki donburi), mula asring tinemu gyudon kang diwènèhi shirataki kaya déné sukiyaki. Masakan Gyudon wis wiwit ana wiwit jaman Meiji.