Gustave Eiffel
From Wikipedia, the free encyclopedia
Gustave Eiffel utawi jangkepipun Alexandre Gustave Eiffel inggih punika insinyur saking Prancis ingkang ngrancang lan ngawasi yasanipun menara Eiffel ing taun 1889.[2] Gustave Eiffel yasa menara Eiffel kanggé Paris World's Fair.[3] Kanggé mèngeti 100 taun Révolusi Prancis.[3] World's Fair utawi Universal Exposition ing taun 1889 (Exposition Universelle de 1889) dados paméran internasional ingkang suksès sanget lan salah satunggaling paméran ing donya ingkang bathinipun kathah.[3] Ing pamèran punika ingkang paling misuwur inggih punika menara Eiffel, yasan logam ingkang ngantos 300 mèter déning Gustave Eiffel.[3] Taun 1855, sasampunipun lulus saking College of Art lan Manufaktur, Eiffel miwiti nyinaoni babagan konstruksi logam, ingkang mligi babagan kreteg.[2]
Gustave Eiffel | |
---|---|
Lair | Alexandre Gustave Bönickhausen (1832-12-15)15 Dhésèmber 1832 Dijon, Prancis[1] |
Pati | 27 Dhésèmber 1923(1923-12-27) (umur 91)[1] Paris, Prancis[1] |
Bangsa | Prancis[1] |
Bojo | Marie Gaudelet (1862–1877)[1] |
Anak | 3 putra èstri (Claire, Laure, Valentine), 2 putra jaler (Edouard, Albert)[1] |
Wong tuwa | Alexandre lan Catherine Eiffel[1] |
Tandha tangan | |