Gunung Suribachi
gunung ing Jepang / From Wikipedia, the free encyclopedia
Gunung Suribachi (摺鉢山, Suribachiyama?) (jeneng liya: Paipuyama utawa Gunung Pipe; basa Inggris: Mount Suribachi) iku gunung geni[1] jinis krucut piroklastik saka watu andesit sing dhuwuré 169 mèter. Dunungé ing pérangan kidul-kulon Iwo Jima, sawijining pulo sing dumunung ing 1.200 km kidulé Tokyo.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/d/d4/MtSuribachi2.jpg/640px-MtSuribachi2.jpg)
Wiwit taun 1889, pamaréntah Jepang nyathet gunung iki wis njeblug kaping 16. Jeblugan sing pungkasan kadadéan taun 1957. Jeblugan watara 65 menit, lan nyiptakaké kawah kanthi diamèter 35 mèter lan jeroné 15 mèter ing cedhak tilas landhas pacu tilas Perang Donya II.[1]