Gunung Palung inggih punika gunung ingkang mapan ing Kalimantan Barat, Indonésia. inggilipun gunung punika ngantos 1116 m.[1]

Gambar krupuk urang

Panggénan

TNGP kanthi astronomis mapan ing antawisipun 01º 03’-01 º22’ Lintang Selatan saha 109º 54’-110º 28’ Bujur Timur. Sacara administrative tlatah Taman Nasional Gunung Palungkalebet wonten ing 2 Kabupatèn, inggih punika: Kabupatèn Ketapang saha Kabupatèn Kayong Utara, Provinsi Kalimantan Barat.[2] Kawasan TNGP winatesan langsung kaliyan wates-wates tlatah kados ta:

  • Pérangan lor watesan kaliyan Sungai Air Merah, Sungai Matan, Sungai Batu Barat, Jalan Eks PT. Perkasa Tani Sejati (Matan-Kubing), saha Sungai Kubing;
  • Pérangan kidul watesan kaliyan Selat Karimata, Sungai Melinsum, Désa Riam Berasap Jaya, Dhesa Laman Satong, Sungai Siduk, Hutan Lindung Gunung Tarak, Dhesa Pangkalan Lempongan, saha Sungai Lekahan;
  • Pérangan kulon watesan langsung kaliyan Selat Karimata, Dhesa Gunung Sembilan, Dhesa Sutera, Dhesa Pangkalan Buton, Dhesa Pampang Harapan, Dhesa Sejahtera, Dhesa Benawai Agung, Dhesa Sedahan Jaya, Dhesa Harapan Mulia;
  • Pérangan wétan watesan kaliya Sungai Laur, Dhesa Sempurna, saha Dhesa Lempongan Bayur;

Aksesibilitas

Untuk tumuju TNGP saged lumantar jalur kados ta:

Jalur Lor

  • Jakarta-Pontianak-Ketapang
  • Kucing-Pontianak-Ketapang

Jalur Kidhul

  • Semarang-Pangkalan Bun-Ketapang
  • Banjarmasin-Pangkalan Bun-Ketapang

Margi ingkang dipuntempuh:

  1. Pontianak-Ketapang
  • kapal mabur (30 menit) Kalstar, Indonésia Air Transport
  • express boat (6 jam)
  • jalur darat (12 jam)
  1. Pangkalan Bun-Ketapang
  • kapal mabur (30 menit) Kalstar, Indonésia Air Transport
  1. Pontianak-Lempongan Melano
  • speed boat (4 jam) Via Rasau Jaya (35 km saking pusat kutha Pontianak)
  1. Pontianak-Sukadana
  • speed boat (4,5 jam)
  1. Ketapang-Sukadana / Lempongan Melano
  • bus umum (2 jam) kanggé bus umum wonten 2 puteran ing sadintenipun
  • mobil
  1. Sukadana/LemponganMelano-tlatah taman nasional
  • mlampah (treking)
  • long boat (dangunipun perjalanan gumantung kaliyan ancas)

Kaaneka ragaman hayati

Kadasta tlatah Kalimantan Barat sanèsipun, umumipiun tlatah punika kathah jelutung (Dyera costulata), ramin (Gonystylus bancanus), damar (Agathis borneensis), pulai (Alstonia scholaris), rengas (Gluta renghas), kayu ulin (Eusideroxylon zwageri), Bruguiera sp., Lumnitzera sp., Rhizophora sp., Sonneratia sp., ara si pencekik, sarta tuwuhan jampi.[3]

Tandhuran ingkang kagolong unik ing taman nasional punika anggrek cemeng (Coelogyne pandurata), ingkang gampil dipuntingali ing Sungai Matan kang utama ing sasi Fèbruari-April. Daya tarik anggrek cemeng katingal saking wujud kembang ingkang nengeri kanthi warna ijem campuran titik cemeng wonten ing pérangan tengah kembang, saha boten dangu mekar antawis 5-6 dinten. Kaserat wonten 190 jinis manuk saha 35 jinis mamalia minangka pemencar wijil tuwuhan ing wana. Sedaya kulawarga manuk saha kamungkinan saking sadaya jinis manuk ingkang wonten ing kalimantan, wonten ing taman nasional punika.

Kéwan ingkang asring katingal saking Taman Nasional Gunung Palung inggih punika bekantan (Nasalis larvatus), orangutan (Pongo satyrus), bajing tanah bergaris empat (Lariscus hosei), kidang (Muntiacus muntjak pleiharicus), beruang madu (Helarctos malayanus euryspilus), beruk (Macaca nemestrina nemestrina), klampiau (Hylobates muelleri), kukang (Nyticebus coucang borneanus), rangkong warak (Buceros rhinoceros borneoensis), kancil (Tragulus napu borneanus), ayam hutan (Gallus gallus), enggang gading (Rhinoplax vigil), baya siam (Crocodylus siamensis), kura-kura gading (Orlitia borneensis), saha penyu tempayan (Caretta caretta).Uga kawontenan tupai kenari (Rheithrosciurus macrotis) ingkang langka sanget saha éwed dipuntingali.

Cathetan suku

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.