Ritus Latin iku istilah kang digunakaké déning dhokumèn-dhokumèn Gréja Katulik kanggo Gréja Katulik Kulon, kang béda karo Gréja-gréja ritus Wétan, kang mawiyar ing Éropah kulon lan Afrika lor, ing ngendi basa Latin wujud basa pendhidhikan lan kabudayan. Istilah kang liya ya iku Gréja Latin, kang digunakaké, tuladhané, sajeroning pambuka kanon saka edhisi 1917 lan 1983 saka Kitab Hukum Kanonik Gréja.

Katerangan liyané Organisasi, Latar Wingking ...
Bagian saking sèri bab
Gréja Katulik
Organisasi

Paus: Fransiskus
Dewan Kardinal
Konsili Ekumenis
Kebijakan Episkopal   Ritus Latin
Gréja-Gréja Katulik Wétan

Latar Wingking

Sajarah   Kristianitas
Katulisisme   Suksesi Apostolik
Papat Ciri Gréja
Angger-angger sepuluh
Panyaliban & Wungu Dalem Yesus
Mekrad   Maria Dipunangkat dhumateng Swarga
Kritik dhumateng Gréja Katulik Roma

Teologi

Trinitas (Hyang Rama, Hyang Putra, Hyang Roh Suci)
Teologi   Apologetika
Rahmat Illahi  Sakramèn
Purgatorium   Kaslametan
Dosa asal   Para Suci   Dogma
Kenya Maria   Mariologi
Maria kagarba mulus tanpa ciri

Liturgi lan Peribadatan

Liturgi Katulik Roma
Ekaristi   Divinum Officium
Taun Liturgi   Kanon Alkitab

Ritus

Romawi   Armenia   Aleksandria
Bizantium   Antiokhia   Syria Wétan

Topik-topik Katulik

Ekumenisme   Monastisisme
Donga   Musik   Seni Rupa

Tutup

Istilah ritus Latin uga minangka ngrujuk marang siji utawa luwih wangun liturgi suci kang digunakaké ing manéka péranganing Gréja Latin iki. Liturgi-liturgi iki kalebu ritus Roma kang dipigunakaké kanthi wiyar, ritus Ambrosius saka Milano lan wewengkon-wewengkon saubengé, lan ritus Mozarabik, kang digunakaké kanthi winates ing Spanyol, mligi ing Toledo. Ritus-ritus liturgis Latin liyané lumrahé wis ora digunakaké manèh, kalebu akèh-akèhé ritus kang dipraktikaké déning sapérangan ordo kaagaman nganti ora suwé sawisé Konsili Vatikan II.

Sok-sok istilah "Katulik Roma" dianggep sinonim karo "ritus Latin", sanajan tembung iku ora tau digunakaké kanthi resmi sajeroning dhokumèn-dhokumèn Gréja Katulik dhéwé.

Ritus Latin dibédakaké karo kang liya-liyané dudu mung amarga panggunan liturgi-liturgi ritus Latiné, nanging uga déning sipat-sifaté kaya ta tuladhané Sakramèn Krisma mung diwènèhaké sawisé sawijining bocah nggayuh umur nalar (nanging ora kudu nganti pra-remaja), kewajiban selibat kanggo para imam, pangangkatan langsung biskop déning Paus. Nganti wates-wates tinentu, Gréja Katulik ritus Wétan béda karo Gréja Latin sajeroning babagan-babagan iki. Tuladhané, panahbisan imam (nanging ora nganti tingkat biskop) bisa dilakokaké déning wong kang wis palakrama, lan para patriarch Wétan sarta kabiskopan agung utama Gréja-gréja milih para biskop kanggo wewengkoné dhéwé (lan dudu ing sanjabané) lan saka Paus mung olèh surat pangakuan.

Hukum kanon kanggo Gréja ritus Latin dikodhifikasikaké sajeroning Kitab Hukum Kanonik Gréja nalika taun 1917, lan sajeroning edhisi kang anyar kang dirumusaké déning Paus Yohanes Paulus II taun 1983.

Uga delengen

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.