Gréja Ortodhok
From Wikipedia, the free encyclopedia
Gréja Ortodhok, iku dhénominasi gréja Kristen kang pandhèrèk mligi ana ing Éropa Wétan lan laladan pasisir wétan Laut Tengah. Kajaba iku, Gréja Ortodhok uga ana ing India, Jepang, lan saiki uga ing Indonésia.
Bagéyan saka seri artikel ngenani Kakristenan | |
Dasar Alkitab: Ajaran: Gréja Kristen: Topik-Topik Ing Kakristenan: Ibadat Kristiani: Kapercayan sing kakait: |
Gréja Ortodhok Wétan, kanthi resmi karan Gréja Katulik Ortodhok[note 1] lan asring sinebut Gréja Ortodhok,[7] iku Gréja Kristen gedhé dhéwé nomer loro ing donya,[8] kanthi gunggung pandhèrèk watara 225–300 yuta,[9] mligi ing Wétan lan Éropa Kidul-wétan lan Wétan Tengah. Iki wujud dhénominasi agama kang mayoritas saka populasi ing Ruslan, Bélarus, Ukraina, Moldova, Georgia, Romania, Serbia, Montenegro, Makedonia, Bulgaria, Yunani, lan Siprus; populasi minoritas kang signifikan ana ing Lebanon, Yordania, lan Suriah. Iki mulangaké yèn Gréja kang Siji, Suci, Katulik, lan Apostolik diyasa déning Yésus Kristus lan para Rasulé watara 2,000 taun kapungkur.
Gréja Ortodhok kasusun saka sapérangan lembaga gréjawi kanthi papréntahan-dhéwé, kanthi géografis lan nasional kang béda nanging tunggal téologis. Saben lembaga papréntahan-dhéwé (utawa otosefalus), asring nanging ora mesthi nyakup sawijining nagara, dituntun déning sawijining Sinode Suci kang tugasé, ing antarané, yaiku kanggo nglestarèkaké lan mulang karasulan lan tradhisi patristik lan pratik gréja kagandhèng. Kayadéné Gréja Katulik Roma, Komuni Anglikan, Greja Asiria Wétan, Ortodhok Oriental lan sapérangan gréja liyané, biskop Ortodhok nlusuri silsilahé marang para rasul liwat prosès panggantian apostolik.