Goji beri
From Wikipedia, the free encyclopedia
Goji Beri ya iku sebutan kanggo kanggo 2 spésies tuwuhan kang wujud ya iku Lycium barbarum lan Lycium chinense. kalorone kalebu ing kulawarga tuwuhan Solanaceae, kang sajeroning kulawarga iku kalebu uga kenthang, tomat, lan mbako.[1]
Tuwuhan iki dikembangake ing Cina ing jumlah gedhé, namun bisa uga tinemu ing Jepang, Vietnam, Inggris, Thailand, Tibet, Amérika lan India. Woh goji beri racaké digaringaké kanggo didadeake campuran ing panganan liyané. ing Cina, woh goji beri garing dipangan dicampur karo sop tonik bareng karo campuran liyané kaya ta daging, sayur, akar manis, lan bahan bahan liyané. goji beri uga bisa digunaake dadi teh herbal karo kembang krisan.[1]