![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/7/7a/Georges_Bataille_vers_1943.jpg/640px-Georges_Bataille_vers_1943.jpg&w=640&q=50)
Georges Bataille
From Wikipedia, the free encyclopedia
Georges Bataille miyos ing Billion, Prancis, nalika warsa 1897.[1] Ramanipun dados wuta paningalipun sadèrèngipun Bataille miyos lan lumpuh sepalih sadèrèngipun Georges Bataille genep tigang warsa yuswanipun.[1] Wonten ing cuplikan-cuplikan autobiografinipun, Georges Bataille ngeklaim menapa ingkang dipunraosaken ramanipun sababipun inggih punika amargi penyakit sifilis.[1] Georges Bataille ngakeni bilih pengalaman nalika alitipun ingkang kados punika ingkang diangge wonten ing karya fiksinipun.[1]
Georges Bataille | |
---|---|
Kala | Filsafat abad kaping 20 |
Tlatah | Filsafat Kilèn |
Aliran | Filsafat Kontinental |
Maribawani
| |
Pinaribawan
| |
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/7/7a/Georges_Bataille_vers_1943.jpg/640px-Georges_Bataille_vers_1943.jpg)
Babagan kangerian ingkang asring medal ing karya fiksi Bataille dipunprabawai prastawa tilar donya ramanipun.[1] Karyanipun Georges Bataille, ingkang fiksi utawi ilmiah asring gadhah inti carita ing babagan kangerian lan kecabulan.[1] Salah satunggalipun conto, wonten ing buku karya Bataille ingkang irah-irahanipun Eroticsm, Georges Bataille nengenaken kados pundi erotis punika kanthi jlentreh lan kalebet penyerangan dhumateng dhiri pribadi ingkang murni.[1][2] Amargi punika, miturut cara ingkang boten sadhar wonten gegayutanipun kaliyan tilar donya ramanipun.[1] Wonten ugi ing karya sanèsipun Tears of Eros, Georges Bataille gadhah pamanggih bilih dhedhasar sajarah, seni tansah wonten gegayutanipun kaliyan kangerian.[1] Amargi punika, seni tansah dipunwiwiti saking gua-gua, kados ingkang kapanggih ing Lascaux, Prancis.[1]