Genosida Armenia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Genosida Armenia[7] (Armèni: Հայոց Ցեղասպանություն Hayots’ Ts’yeghaspanut’yun), dikenal uga minangka Pembantaian Armenia lan déning bangsa Armenia sinebut Kejahatan Besar (Armèni: Մեծ Եղեռն Mets Yegherrn)[8][9] ya iku pemusnahan sistematik déning Utsmaniyah marang pendhudhuk minoritas Armenia ing tanah air historise ing kawasan kang saikine dadi Républik Turki. Prastawa iki kedadeyan sasuwéné lan sawisé Perang Dunia I lan ditindakake ing rong tahap: pamatinan gedhé-gedhenan pendhudhuk priya diwasa lumantar pembantaian lan kerja paksa, lan deportasi wanita, bocah-bocah, lan wong tuwa lan wong lara ing lakuning pati ing Ara-ara Suriah.[10][11]
Sunyata Rikat Pernah, Tanggal ...
Genosida Armenia | |
---|---|
Péranganing Penyiksaan bangsa Armenia | |
Pernah | Kesultanan Utsmaniyah |
Tanggal | 1915[note 1] |
Inceran | Penduduk Armenia |
Jinising serangan | Deportasi, pembunuhan massal |
Pepati | 1,5 juta[note 2] |
Tutup