![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/9/9f/Flag_of_Indonesia.svg/langjv-640px-Flag_of_Indonesia.svg.png&w=640&q=50)
Gendéra Indonésia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Gendéra nasional Indonésia iku sawijining gendéra mawa désain prasaja kanthi rong warna kang dipara dadi rong pérangan kanthi ndatar (horizontal). Wernané dijupuk saka warna Karajan Majapahit. Sabenaré ora mung karajan Majapahit waé kang nganggo gendéra abang putih minangka lambang kebesaran. Sadurungé Majapahit, karajan Kediri wis nganggo panji-panji abang putih.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/9/9f/Flag_of_Indonesia.svg/640px-Flag_of_Indonesia.svg.png)
Saliyané iku, gendéra perang Sisingamangaraja IX saka tlatah Batak uga nganggo warna abang putih minangka warna gendérané , gambaré pedhang kembar warna putih kanthi dhasar abang mencorong lan putih. Werna abang lan putih iki gendérané perang Sisingamangaraja XII. Loro pedhang kembar nglambangaké piso gaja dompak, pusaka raja-raja Sisingamangaraja I-XII.[1]
Nalika dumadi perang ing Acèh, pejuwang – pejuwang Acèh wis migunakaké gendéra perang wujud umbul-umbul kanthi warna abang lan putih, ing pérangan mburi ana gambaré pedhang, bulan sabit, srengéngé, lan lintang sarta sapérangan ayat suci Al Quran.[2]
Ing jaman karajan Bugis Bone, Sulawesi Kidul sadurungé Arung Palakka, gendéra Abang Putih, iku simbol kakuwasaan lan kebesaran karajan Bone. Gendéra Bone iku dikenal kanthi jeneng Woromporang.[3]
Nalika perang Jawa (1825-1830 M) Pangeran Diponegoro nganggo panji-panji warna abang putih sajeroning perjuwangané nglawan Walanda.
Gendéra kang dijenengi Sang Abang Putih iki sepisanan dipigunaaké déning para pelajar lan kaum nasionalis ing awal abad kaping 20 ing sangisoré kakuwasaan Walanda. Sawisé Perang Donya II rampung, Indonésia mardika lan wiwit nggunakaké gendéra iki minangka gendéra nasional.