Geek Charming
From Wikipedia, the free encyclopedia
Geek Charming nggih punika filem Amérikah Sarékat-Kanadha saking Disney Channel Original Movie taun 2011. Filem punika kadamel adhedhasar saking novel kanthi sesirah ingkang sami, anggitanipun Robin Palmer. Filem punika kaarahaken déning Jeffrey Hornaday. Wondéné skénariyonipun kaserat déning Elizabeth Hackett lan Hilary Galanoy. Para juru paraga ingkang kadhapuk sami maragani filem punika antawisipun Sarah Hyland lan Matt Prokop. Greek Charming kagiyaraken ing surya 11 November 2011 lumantar Disney Channel. Ing panggiyaran kaping pisan, filem punika kapirsanan déning 5,3 yuta pamirsa.[1][2][3][4]