Frédéric François Chopin (utawi ingkang misuwur kanthi sebutan basa Polandia: ''Fryderyk Franciszek Chopin utawi ugi asring dipunsebat Szopen[1]) inggih punika salah satunggaling komposer saha minangka satunggaling pianis virtuose saking Żelazowa Wola, Polen, ingkang miyos wonten désa Zelazowa Wola, caket kaliyan kitha Warsawa, Polen ing tanggal 1 Maret 1810 saha séda ing tanggal 17 Oktober 1849 nalika yuswanipun 39 taun[2][3]). Piyambakipun inggih misuwur minangka salah satunggaling musisi romantik ingkang paling ageng. Bapakipun Frederic Chopin inggih punika minangka satunggaling ekspatriat Prancis lan ibunipun inggih ingkang asalipun saking Polen.

Thumb
Frédéric François Chopin
Thumb
Tanda tangan Chopin

Biografinipun

Fryderyk Franciszek Chopin miyos wonten ing Zelazowa Wola, caket kaliyan Warsawa, Polen ing tanggal 1 Maret 1810. Ramanipun ingkang asma Nicolas Chopin aslinipun inggih saking Marainville, Prancis.[4] Déné ibunipun ingkang asma Tekla Justyna Kryzanowka inggih aslinipun saking Polen.[5] Ramanipun inggih minangka guru basa Perancis wonten ing Warschauer Lyzeum lan piyambakipun ugi saged ngginakaken pirantos musik piyul saha flute, déné ibunipun inggih minangka satunggaling pemain piano ingkang saé sanget.[6] Chopin gadhah tigang sedhèrèk kandhung.[7] Ingkang sapisan inggih punika Ludwika Marianna Chopin (1807-1855) ingkang minangka mbakyu kandhungipun Chopin ingkang mbarep. Justyna Izabela Chopin (1811-1881) inggih punika putra angka tiga wonten ing kulawarga Chopin. Saha sedhèrèkipun ingkang paling wuragil inggih asma Emilia Chopim (1812-1827). Kanggé nyingkiri wontenipun wajib militèr ingkang dipunwajibaken dhateng sadaya tiyang kakung ing Prancis, mila ing taun 1787 Nicolas Chopin lajeng pindhah saking Prancis lan salajengipun netep dumunung wonten ing Polen. Chopin miyos boten dangu sasampunipun kekalih tiyang sepuhipun pindhah dhateng Polen. Chopin inggih gadhah bakat alami kanggé dolanan piano. Perkawis punika saged katitik saking asiling garapan improvisasi-imporvisasinipun nalika nyetel piano. Asiling garapan komposisinipun ingkang sepisanan dipundamel déning Nicolas Chopin inggih punika Polonaisen g-Minor lan Bes-Mayor. Nalika yuswanipun piyambakipun wolung taun, piyambakipun inggih sampun saged pentas wonten ing sangajengipun tiyang kathah kanggé maragakaken piano konserto kagunganipun Gywortez. Chopin pikantuk pendhidhikan musik ingkang sepisanan déning pianis Bohemia Adalber Ziwny.[8]

Cathetan suku

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.