Fruktan merupakan polimer fruktosa (rantai monomer fruktosa) dan jauh lebih kecil daripada polimer glukosa ing pati.[1] Fruktan racaké mung duwé telu nganti pirang-pirang atus unit fruktosa.[1] Fruktan larut banget ing banyu lan disintesis sarta akèh-akèhé disimpen ing vakuola.[1] Akeh-akèhé fruktan ngandhut siji unit glukosa termina, nudhuhake yèn kabèh mau dibangun kanthi nambahake unit fruktosa ing pérangan fruktosa saka molekul sukrosa.[1] Fruktan lumrahé ana ing sesuketan lan ing organ tinamtu kang sithike sangang suku liyané, kalebu organ panyimpen ngisor lemah saka Asteraceae (komposit kaya aster lan dandelion) lan Campanulaceae sarta ing godhong lan bulbi Liliaceae (kembang lili), Iridaceae (iris), Agavaraceae, dan Amyrillidaceae.[1][2]
Ana patang tipe utama fruktan, ya iku:
Inulin minangka fruktan kang ngandhut nganti sakiwa-tengené 35 unit fruktosa kang dihubungake marang liyané ing rantai lurus déning pangiket β-2,1 glikosida (karbon 2 saka salah siji fruktosa dihubungake ing karbon 1 fruktosa sadurungé).[1]
Levan utawa uga sinibut flein minangka fruktan kanthi cacah unit fruktosa kira-kira beberapa nganti tekan 260 ing suket Phleum pratense lan 314 ing suket Dactyis glomerata.[1] Levan ngandhut unit fruktosa kang mligi dihubungake déning ikatan α-2,6 glikosida (karbon 2 ing salah siji fruktosa dihubungake kanthi karbon 6 ing fruktosa sadurungé).[1]
Fruktan tanpa jeneng, duwé cabang akèh kanthi pangiket campuran kang kerep ana ing godhong, gagang, lan ing kembang ana gandum, jelai lan sesuketan mangsa atis tinamtu.[1]
Fruktan tanpa jeneng, tanpa cabang, ya iku golongan fruktan kang diidentifikasi mung ana ing rong spésies saka Liliceae: bawang (ing oyot) lan asparagus (ing godhong).[1] Golongan kang kasusun saka sangang jinis utama fruktan iki ngandhut molekul kang cukup cilik kanthi ora punjul limang unit fruktosa lan siji unit glukosa.[1]
Meier H, Reid JSG. 1982. Reserve polysaccharides other than starch in igher plants. dalam Loewus FA, Tanner W (editor). Encyclopedia of Plant Physiology, New Series, Vol. 13A, Plant Carboydrates. Berlin:Springer-Verlag. Hal:418-471.