Fort de Kock
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bèntèng de Kock utawi Fort de Kock punika bètèng tilaranipun Walanda ingkang wonten ing kutha Bukittinggi, Sumatra Kulon, Indonésia. Bèntèng punika dipundirikaken déning Kapten Bourer nalika taun 1825 [1] nalika mangsa Baron Hendrik Merkus de Kock minangka dados komandan Der Troepen lan wakil Gubernur Jenderal Indhiya Nèderlan. Awit saking punika bètèng punika kawéntar kanthi nama Bèntèng de Kock manawi wonten Basa Inggris Fort de Kock. Bèntèng de Kock punika wonten ing Bukit Jirek naté dipun-ginakaken déning wadya Walanda minangka kubu pertahanan saking gempuran rakyat Minangkabau mliginipun nalika wonten Perang Padri taun 1821-1837 [2].
Wonten ing sakiwa tengenipun bètèng punika taksih wonten meriam-meriam kuna kalamangsa abad kaping 19. Ing taun-taun salajengipun, ing kiwa-tengené bètèng punika tuwuh kutha kanthi nama Fort de Kock ingkang sapunika Bukittinggi. Manawi mirsani ing sisih bètèng punika katingal kreteg (Jambatan Limpapeh) ingkang ngubungaken bètèng kaliyan objèk wisata taman MArga Satwa [1].