Erwin Arnada
From Wikipedia, the free encyclopedia
Erwin Arnada (lair 17 Oktober 1963; umur 60 taun) ya iku wartawan, sutradara, lan prodhuser filem Indonésia. Arnada lair saka kulawarga Muslim ing Jakarta. Arnada wiwit seneng ing jurnalistik nalika taun 1984, lan sawisé mergawe sadhéla dadi juru foto, dhèwèké ditampa magang ing ariwarta minggon Editor. Wiwit taun 1990, Arnada mergawe dadi editor ing pirang-pirang médhia cetak, uga ing tabloid kontroversial Monitor. Arnada terjun ing donya perfileman Indonésia taun 2000, dadi prodhuser sapérangan filem kang diprodhuksi déning Rexinema.
Erwin Arnada | |
---|---|
Lair | (1963-10-17) 17 Oktober 1963 (umur 60) Jakarta, Indonésia |
Alma mater | Universitas Indonésia |
Pakaryan | Wartawan, sutradara, prodhuser |
Taun aktif | 1986 – sekarang |
Karya kondhang |
|
Wong tuwa | Amin Ismail |
Arnada dadi punjering kontroversi sawisé yasa Playboy Indonésia ing taun 2006. Sapérangan golongan Islam kaya déné Front Pembela Islam (FPI) protes kalawarta iku amarga dianggap ora senonoh, sanajan kalawarta iku ora nguduhake konten wuda ing wujud apa waé. Sawisé nglakoni persidhangan, Arnada diputuske bersalah déning Mahkamah Agung Indonésia lan diukum rong taun kunjara, kang wiwit dilakoni ing sasi Oktober 2010.Arnada dibebasake saka kunjara sasi Juni taun 2011 sawisé pangadilan njabut putusane. Ing taun 2012, Arnada dinominasikake dadi Sutradara Terbaik FFI ing filem Rumah di Seribu Ombak, kang dijupuk saka novèl kang ditulis nalika isih ing kunjara.