Erik Durm

pemain bal-balan jerman From Wikipedia, the free encyclopedia

Erik Durm

Erik Durm (miyos 12 Mèi 1992) inggih menika satunggaling pemain bal-balan profésional saking Jerman ingkang main bal ing klub Bundesliga Jerman Borussia Dortmund lan Timnas Jerman. Piyambakipun nidakaken debut profésionalipun ing timnas Jerman wekdal taun 2014, lan dados bagéyan angguta skuad Jerman ingkang dados Juwara Piala Donya.[2]

Sunyata Rikat Katrangan priangga, Jeneng dawa ...
Erik Durm
Thumb
Durm ing BVB taun 2014.
Katrangan priangga
Jeneng dawa Erik Durm[1]
Tanggal lair (1992-05-12) 12 Mèi 1992 (umur 32)
Papan lair Pirmasens, Jerman
Dhuwur 1.83 m (6 ft 0 in)
Posisi main Left back / Right back
Katerangan klub
Tim saiki
Borussia Dortmund
Angka 37
Karir nom
1997–2008 SG Rieschweiler
2008–2010 1. FC Saarbrücken
2010–2011 1. FSV Mainz 05
Karir klub*
Taun Tim Main (Gul)
2010–2012 1. FSV Mainz 05 II 33 (13)
2012–2015 Borussia Dortmund II 32 (2)
2013–saiki Borussia Dortmund 64 (2)
Karir tim nasional
2011 Jerman U19 2 (2)
2011 Jerman U20 1 (0)
2013–2014 Jerman U21 5 (0)
2014– Jerman 7 (0)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 23:16, 04 June 2017 (UTC).

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 13:56, 19 November 2014 (UTC)
Tutup

Karièr klub

Karièr Kawitan

Durm miwiti karir klub ing taun 1998 ing akadhemi SG Rieschweiler, lajeng nggabung dhateng akadhemi 1. FC Saarbrücken ing taun 2008 lan piyambakipun dados panyithak gol ingkang kathah piyambak liga musim 2009-2010 kanthi 13 gol.[3] Wulan Juli 2010, Durm dipundhaftarajen ing akadhemi 1. FSV Mainz 05 lan menangaken Piala Federasi Pemudha 2010-2011 ing Jerman. Piyambakipun nindakaken debut musim 2010-2011 kanggé tim kaping kalih klub 1. FSV Mainz ing tanggal 4 Desember 2010 nglawan SV Elversberg.[4]

Ing musim 2011-12, Durm kasil dados tim lapis kaping kalih klub 1. FSV Mainz 05 lan nyithak pitung gol ing sedasa pertandhingan. Lajeng Durm nyithak kalih gol wekdal 1. FSV Mainz 05 II menang tandhang 3-0 ing matchday 7 nglawan tim lapis kalih Eintracht Frankfurt.[5]

Pranala Njawi

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.