Endosperma, ing botani, iku péranganing wiji tetuwuhan ngembang (Angiospermae) sing wujud asil saka pambuahan dhobel saliyané embrio. Endosperma bisa ditelakaké minangka "sadulur kembar" embrio amarga mesthi kawangun bareng nanging béda karo embrio sing diploid, endosperma iku triploid.

Endosperma

Endosperma bisa dideleng kanthi cetha ing wiji-wijian tinentu, kaya ta pari, jagung, apokat, sarta jarak. Fungsiné sing paling utama iku minangka panyawis cadhangan ènèrgi kanggo embrio sajeroning prosès pakecambahan. Mula, protéin panyusuné ya iku albumin, protéin sing larut sajeroning banyu. Amarga kagunaané iki, ing endosperma asring kakandhut karbohidrat lan lemak. Sanajan mangkono, endosperma ora mesthi tinemu ing wiji-wiji sing mateng. Ing suku kacang-kacangan (Fabaceae) sarta sawi-sawian (Brassicaceae) contoné endosperma ora tinemu amarga nyusut (rudimenter) nalika tuwuhé wiji.


Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.