Emma Watson
From Wikipedia, the free encyclopedia
Emma Charlotte Duerre Watson (lair ing Paris, Prancis, 15 April 1990; umur 34 taun) inggih punika salah satunggalipun aktris saking nagari Inggris ingkang dados paraga Hermione Granger wonten ing filem Harry Potter.[1] Emma Watson punika putranipun pasangan pengacara Chris lan Jacqueline ingkang sapunika sampun pegatan.[2] Watson gadhah satunggal rayi jaler ingkang namanipun Alex.[2] Watson manggèn kaliyan ibunipun, lan rayinipun Alex Watson manggèn kaliyan ramanipun.[2]
Artikel iki ditulis nganggo basa krama. |
Emma Watson | |
---|---|
Lair | Emma Charlotte Duerre Watson (1990-04-15) 15 April 1990 (umur 34) Paris, Prancis |
Pakaryan | Aktris, modhèl |
Taun aktif | wiwit 2001 |
Watson nelasaken wekdal nalika alit ing kitha Paris, Prancis, Oxford, Inggris.[2] Nalika taksih sekolah Watson ndhèrèk Dragon School, satunggalipun sekolah swasta. Watson sekolah ing sekolah punika ngantos dumugi wulan Juni 2003.[2]
Sadèrèngipun main filem Harry Potter, sajatosipun Emma Watson dèrèng gadhah pengalaman ingkang kathah bab akting.[2] Sasanèsipun sekolah, Watson gadhah aktivitas nyerat puisi utawi geguritan. Watson naté ndhèrèk lomba nyerat puisi lan dados jawaranipun.[2]
Emma punika satunggalipun priyantun èstri ingkang gadhah sipat blabah lan pinter.[2]