Elisabet
From Wikipedia, the free encyclopedia
Elisabèt inggih punika tokoh Alkitab wonten ing Prajanjian Anyar.[1][2] Elisabet inggih punika garwa saking satunggaling Imam ingkang nama Zakharia.[2] Kekalihipun inggih punika keturunan Harun[3] Dumunung wonten ing sawijining kutha ing wewengkon Yudea.[4] Dangu wonten ing palakrama punika kekalihipun boten dipunparingi putra, amargi Elisabet mandhul lan kekalihipun sampun sami sepuh.[5] Nanging saking kersaning Gusti piyambakipun pikantuk satunggaling putra nalika sampun sepuh.[2] Bab punika kadadosan sasampunipun malaékat Gabriel ngatingalaken dhiri dhumateng Zakharia nalika nindakaken wonten ing Bait Suci lan ngendika dhumateng piyambakipun: "Ampun ajrih, hai Zakharia, sebab dongamu sampun dipunkersakaken lan Elisabet, garwamu, badhé miyosaken satunggaling putra kakung tumrapmu lan kedah dipunsukani nama Yohanes." [6] Samangké putranipun dipunkenal minagka Yohanes Pembaptis, tokoh ingkang wigati sanget kagayut kaliyan karya Allah wonten ing dhiri Yesus Kristus.[2] Yohanes Pembaptis minangka kanca raketipun Yesus, lan piyambakipun ingkang lajeng mbaptis Yesus.[2] Cariyos babagan Elisabet ingkang ngemu Yohanes Pembaptis punika wonten ing salabeting Injil Lukas.[2]