![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/c1/Dubai_night_skyline.jpg/640px-Dubai_night_skyline.jpg&w=640&q=50)
Dubai
From Wikipedia, the free encyclopedia
Dubai (cara Arab: دبيّ, transliteration: Dubaiy) inggih punika satunggal saking pitung émirat lan kutha ingkang padhet piyambak ing Uni Émirat Arab (UEA). Pernahipun wonten ing saturuting iring kidul Teluk Pèrsi ing Ujung Arab. Kutha gedhé Dubai kala-kala kawastanan Kutha Dubai supados boten kalintu kaliyan Émirat Dubai.
Dubai إمارة دبيّ | ||
---|---|---|
Émirat | ||
Émirat Dubai | ||
![]() Sheikh Zayed Road nalika wanci dalu | ||
| ||
![]() | ||
Nagari | Uni Émirat Arab | |
Émirat | Dubai | |
Sesambetan (kutha) | 9 Juni 1833 | |
Sesambetan (emirat) | 2 Desember 1971 | |
Diyasa | Maktoum bin Bati bin Suhail (1833) | |
Seat | Dubai | |
Anak pérangan | ||
Pamaréntahan | ||
• Jinis | Monarki konstitusional[1] | |
• Emir | Mohammed bin Rashid Al Maktoum | |
• Pangeran Makutha | Hamdan bin Mohammed bin Rashid Al Maktoum | |
Laladan[2] | ||
• Émirat | 4.114 km2 (1,588 sq mi) | |
• Métro | 1.287,4 km2 (4,971 sq mi) | |
Cacah warga (2008)[3] | ||
• Émirat | 2.262.000 | |
• Pepadhet | 408,18/km2 (105,720/sq mi) | |
• Métro | 2.262.000 | |
• Bangsa [4] | 42,3% Indian 17% Emirat 13,3% Pakistan 7,5% Bangladesh 9,1% Arab lainnya 10,8% Barat | |
Zona wektu | Waktu standar UEA (UTC+4) | |
Situs wèb | Dubai EmirateDubai Municipality |
Dhokumèn ingkang sinerat ngandharaken bilih wontenipun kutha punika sedangunipun 150 tahun saderengipun UEA dipundamel. Dubai punika mbagi kuwasa hukum, pulitik, militèr lan ékonomi kaliyan Emirat sanesipun wonten ing bunderan federal, sinaosa saben Emirat punika gadhah yuridiksi marang sapérangan kuwasa kados déné jejeging hukum sipil, ndombani, lan anyaran fasilitas lika. Dubai punika gadhah populasi paling ageng lan kalebet Emirat paling ageng angka kalih miturut jembaripun, saksampunipun Abu Dhabi.[5] Dubai ugi Abu Dhabi punika kalih Emirat ingkang gadhah hak veto dhumateng bab kritis kawigatosan nasional wonten ing Dewan Nasional Federal negara wau.[6] Dubai punika sampun dipunpimpin déning dinasti Al Maktoum wiwit saking taun 1833. Pemimpinipun samenika Mohammed bin Rashid Al Maktoum, ugi gadhah jabatan minangka Nayakotama lan Wakil Presidèn UEA.
Sumber pendapatan emirat menika asalipun saking dagang, real estat lan pelayanan wonten ing bab arta.[7] Pendapatan ingkang asalipun saking minyak bum lan ugi gas alam menika paring sumbangan kirang saking 6% (2006)[8] ekonomi Dubai menika nilainipun US$37 miliar (2005).[9] Real estat lan konstruksi, menika paring sumbangan 22.6% dhumateng ekonomi wonten ing taun 2005, saderengipunnmangsa konstruksi kanthi skala ingkang ageng kalampahan dumugi samenika.[10] Dubai menika sampun narik kawigatosanipun donya lumantar proyek real estat ingkang inovatif[11] lan ugi ajang olahraga. Perangan menika damel nambah narik kawigatosan sareng kaliyan wigatinipun wonten ing bab bisnis donya, ugi sampun ngangkat prekawis hak asasi manungsa babagan tenaga kerja asing.[12]