Dorayaki (どらやき。銅鑼焼き、ドラ焼き?) ya iku panganan jajanan kang asalé saka nagara Jepang. Dorayaki kalebu ana ing golongan panganan tradhsional Jepang (wagashi) kang wujudé bunder lan rada tembem, kasusun saka rong lembar jananan kang diraketake nganggo selé kacang abang[1][2]. Dorayaki duwé tèkstur kang lembut lan mèh padha karo roti Jepang kang jenengé Kastela amarga adonan kang ana kandhutan maduné. Ing Indonésia, jajanan iki dikenal ana ing filem anime Doraemon.[3] Ana ing filem iki, tokoh Doraemon duwé kasenengan mangan kue dorayaki.[3] Dorayaki kang didol ana ing toko kue ing Indonesia rasané wis disalarasake karo selera lokal kaya dorayaki isi campuran coklat lan keju.[3] Dorayaki uga dikenal ana ing Indonesia kanthi jeneng Obanyaki.[3] Ana ing Jepang, Obanyaki kondhang kanthi jeneng Imagawayaki (今川焼き?).[3] Obanyaki duwé wangun kang amèh padha karo dorayaki, nanging jajanan Obanyaki luwih kandel dibandingké karo Dorayaki. Obanyaki uga biyasa dipanggang ana ing ngarepe sing tuku déné Dorayaki wis dipanggang sadurungé didol ana ing bungkusan.

Thumb
Dorayaki

Asal-usul

Wiwitané, Dorayaki mung awujud salembar jajanan bunder kanthi pinggiran kang dilempit nganti duwé wangun pesagi. Ana ing pérangan tengah jajanan iki diwènèhi selé kacang kang dijenengi azuki. Nalika taun 1914, jajanan Dorayaki kang wujudé rong lembar kawanuhaké déning parusahan jajanan Usagiya kanthi nganggo adonan kang amèh padha karo adonan Kastela.

Cathetan suku

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.