Dinar (utawa b. Arab: دينار dīnār) iku valuta resmi kang dipigunakaké sapérangan nagara. Ing jaman biyèn, koin dhinar mas dipigunakaké wiwit mangsa Islam kanggo kagiyatan ijol-ijolan barang utawa jasa ing wewengkon kakalifahan. Panguwasa Islam iku sajatiné nyonto dhuwit koin mas saka Kakaisaran Romawi Wétan (Bizantium), kang arané dēnārius auri.

Thumb
Nagara-nagara kang wernané ijo tuwa saiki isih migunakaké valuta dhinar, lan kang wernané ijo enom sadurungé migunakaké dhuwit iku. Nagara-nagara sempalan Yugoslavia ditampilaké ing kiwa ngisor.

Étimologi

Tembung dīnār dijupuk saka tembung δηνάριον denarion saka basa Yunani, lan sadurungé dijupuk saka tembung dēnārius saka basa Latin.[1]

Valuta resmi

Nagara-nagara kang migunakaké dhinar (utawa jeneng sing mèmper) kanggo valuta resminé, yaiku:

Katerangan liyané Nagara, Valuta ...
Nagara Valuta Kodhe ISO 4217
 Aljazair Dinar Aljazair DZD
 Bahrain Dinar Bahrain BHD
 Irak Dinar Irak IQD
 Yordania Dinar Yordania JOD
 Kuwait Dinar Kuwait KWD
 Libya Dinar Libya LYD
Cithakan:Country data Républik Makedonia Denar Makedonia MKD
 Serbia Dinar Serbia RSD
 Tunisia Dinar Tunisia TND
Tutup

Gladri

Réferènsi

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.