![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/b/b2/Voodoo_Doughnut_Documentary_Project.jpg/640px-Voodoo_Doughnut_Documentary_Project.jpg&w=640&q=50)
Dhonat
panganan cemilan kaya roti / From Wikipedia, the free encyclopedia
Donat iku panganan wujud bunder mawa bolongan ing satengahé kang ginawé saka bahan kaya ta trigu lan kenthang.[1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/b/b2/Voodoo_Doughnut_Documentary_Project.jpg/640px-Voodoo_Doughnut_Documentary_Project.jpg)
Ana aturan kang kudu digatégaké yèn arep nggawé dhonat.[1] Ragi kang arep kanggo nggawé dhonat kaya ta dhonat kenthang ora kena dicampur uyah utawa mentéga, awit raginé bisa mati.[1] Ragi kang mati ora bisa ngembangaké adonan.[1] Déné uyah lan mentéga dicampuraké sawisé adonan setengah kalis.[1] Carané ngoreng uga kudu ati-ati supaya ora gosong.[1] Yèn dhonat wis katon kuning rada coklat kudu rikat diwalik, mundhak gosong.[1] Yèn arep mènèhi margarin, coklat utawa méses kanggo rerenggan kudu ngenténi dhonat adem.[1] Tujuwané supaya méses utawa margarin ora léléh.[1] Yèn kepéngin nggawé dhonat kang bunder, carané bisa nganggo sumpit.