Dave Franco
From Wikipedia, the free encyclopedia
David John "Dave" Franco (lair ing tanggal 12 Juni taun 1985) dhèwèké iku paraga lanang ing filem lan tèlèvisi saka Amérika. Dhèwèké miwiti karir ing peran cilik ing filem contoné filem Superbad lan Charlie St. Cloud, sadurungé dhèwèké nggawé terobosan nalika dadi paraga filem komedi 21 Jump Street taun 2012. Dhèwèké uga main peran ing filem Fright Night, Now You See Me, Now You See Me 2, Warm Bodies, Neighbors, Nerve lan ing mangsa ka-9 saka sèri Scrubs. Dave iku adhiné saka paraga lanang James Franco.[1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/9/9c/Dave_Franco.jpg/103px-Dave_Franco.jpg)