From Wikipedia, the free encyclopedia
Prabu Dasarata (Sanskerta: दशरथ, Daśaratha) iku paraga ing wiracarita Ramayana.[1] Dasarata iku raja ing karajan Kosala, kanthi pusat papréntahan ing kutha Ayodya.[2] Angkatan perang kraton Kosala ora pernah kalah ing perang.[1] Dhèwèké iku raja putra Aja, katurunan Ikswaku lan kagolong Raghuwangsa utawa dinasti Surya.[1] Piyambake duwé garwa telu, yaiku Kosalya, Sumitra, lan Kekayi.[3] Saka garwané iku, Prabu Dasarata patutan kang cacahé papat, yaiku Ramawijaya, Lesmana, Barata lan Satruguna.[4]
Dasarata | ||
---|---|---|
Dasarata. | ||
Jeneng miturut basa | ||
Basa Sangskreta | Daśaratha | |
Jeneng miturut aksara | ||
Dewanagari | दशरथ | |
aksara Bali | ||
aksara Jawa | ꦥꦿꦧꦸꦢꦱꦫꦠ | |
Nalika Prabu Dasarta isih enom, piyambake paling seneng mbeburu.[3] Piyambake bisa manah kanthi titis mung liwat swarane waé.[3] Ing siji dina Prabu Dasarata lagi "mbeburu" piyambake krungu swara kaya swarane gajah lagi ngombé.[5] Prabu Dasarata banjur ngarahake panah marang swara mau.[5] nanging Prabu Dasarata kaget barang krungu swara manungsa.[5] Piyambake wedi banget,awake ndredeg karo nyedhaki asalé swara mau.[5] Prabu Dasarata kaget ora karuab nalika weruh ana nom-noman kang kena panahe mau.[5] Cah nom mau katon jengkel lan ngomong yèn wong tuwané isih ngenteni dhèwèké.[3] Sadurungé mati, cah nom mau ngongkon Dasarata supaya ngeterake banyu marang wong tuwané kang wus tuwa lan wuta.[3]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.