Dano
From Wikipedia, the free encyclopedia
Dano inggih punika salah satunggaling festival ageng ingkang kalampahan ing dinten kaping 5 wulan kaping 5 kalender Imlek ing Koréa.[1][2][3][4] Festival ugi dipunsebat suri/surin-nal ("dinten kaping 5"). Angka 5 miturut kapitadosan tradhisional Koréa kalebet angka kanthi sipat ingkang saé saéngga dipunpitadosi bilih nalika tanggal 5 wulan 5, sipat-sipat mau kempal kanthi gunggung ingkang kathah piyambak.[2] Kajawi punika, dipunpitados ugi bilih wonten ing dinten mau aktivitas akasa dumugi ingkang puncakipun. Ing dinten mau, angin Koréa sansaya panas lajeng mlebet ing mangsa panas.[2]