![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/8f/Daniel_Mananta_Ini_Talkshow_Netmediatama.jpg/640px-Daniel_Mananta_Ini_Talkshow_Netmediatama.jpg&w=640&q=50)
Daniel Mananta
From Wikipedia, the free encyclopedia
Daniel Mananta (ing MTV biyasa diundang VJ Daniel; lair ing Jakarta, 14 Agustus 1981; umur 42 taun).[1] Daniel Mananta ya iku salah sijiné présènter kang asalé saka Indonésia.[1] Kariré diwiwiti nalika Daniel Mananta dadi VJ ing MTV Indonésia.[1] Daniel Mananta dadi VJ wiwit sasi Mèi 2003.[1] Daniel Mananta iku lulusan saka Univèrsitas Edith Cowan Perth, Australia.[1] Saliyané dadi VJ, Daniel Mananta uga ngembangaké kariré kanthi akting.[1] Daniel Mananta banjur main ing sinétron kang judhulé I Love U Boss.[1] Wong lanang kang nduwé awak atlètis lan sixpack iki duwé awak kang dhuwuré 187 cm.[1]
Daniel Mananta | |
---|---|
![]() | |
Lair | (1981-08-14) Agustus 14, 1981 (umur 42) Jakarta, Indonesia |
Jeneng liya | VJ Daniel |
Pakaryan | Pembawa acara, MTV |
Taun aktif | 2003 - saiki |
Kariré sangsaya misuwur nalika Daniel Mananta dadi présènter ing acara Indonesian Idol wiwit mangsa katelu nalika taun 2006 nganti taun 2010.[1] Nalika iku, Daniel Mananta nggentèni présènter Irgy Ahmad Fahrezi.[1] Daniel Mananta seneng karo musik J-Rock lan Jazz.[1] Saliyané iku, Daniel Mananta uga seneng karo kabudayan Jepang, maca komik lan bal-balan.[1] Saliyané iku Daniel Mananta uga tau akting layar amba ing filem kang judhulé "Rumah Dara".[1] Film iki digawé nalika taun 2010. Film iki kang ndadèkaké Daniel Mananta banjur seneng akting.[1] Nalika sasi Fèbruari taun 2007, Daniel Mananta ketemu karo salah siji pimpinan MTV.[1] Prastawa iki kang ndadèkaké Daniel Mananta bisa duwé karir dadi VJ MTV.[1]
Nalika lagi syuting stripping Daniel Mananta nduwé akal kanggo modhifikasi mobile dadi ruwangan kang ora mboseni.[2] Contoné, Daniel Mananta mènèhi TV lan PS supaya nalika lèrèn syuting Daniel Mananta bisa main game saéngga ora bosen.[2]