From Wikipedia, the free encyclopedia
Daniel Dae Kim (lair tanggal 4 Agustus taun 1968) dhèwèké iku aktor saka Koréa banjur pindah maring Amérika nalika umuré 2 taun.[1] Gedhé ing Easton, Pennsylvaia.[1] Kim lulusan saka Freedom High School ing Bethlehem, lan Haverford College ing Haverford Township, Pennsylvaia.[1] Dhèwèké uga mèlu program akting ning NYU nalika taun 1996.[1]
Dhèwèké kerep dadi paraga ing filem kang wujudé science fiction lan fantasi.[1] Pirang-pirang filem kang wis tau dibintangi ing antarané Ci:Crime Scence Investigation, Star Trek: VOYAGER, STAR TREK: ENTERPRISE, CRUSADE, CHARMED, THE SHIELD, SEINFELD, NYPD BLUE, ER, lan THE ANDROMEDA STRAIN.[1] Saliyané filem-mau Kim uga main ana ing filem SPIDER-MAN 2 dhèwèké nglakoni peran dadi ilmuwan ing laboatorium Doctor Octavius kang ngintukaké panghargaan pemenang Best Picture saka Acadeny Award.[1]
Ning taun 2005 Kim dinobataké dadi sawijining wong lanang paling seksi ning majalah People.[1] Ora namung iku dhèwèké uga dadi pengisi suara ing dedolanan SAINTS ROW lan 24: THE GAME.[1] uga ngisi suara Metron ing JUSTICE LEAGU UNLIMITED.[1] Ning sasi Juni 2009, Kim main ana ing filem kang judhulé THE KING AND I kang digawé ana ing London, Inggris.[1] Banjur ning sasi September 2010 Kim uga tampil manèh ing filem HAWAII FIVE-O Five meranake lakon Chin Ho Kelly.[1]
Nalika taun 2010, Daniel mainaké peran ning filem kang judhulé DEATHGAMES.[2] Bebarengan karo aktor-aktor kondhang saka hollywood.[2] dibintangi Kellan Lutz lan Samuel L Jackson.[2] filem kang nyaritakaké babagan tarung tekan mati ora béda karo gladiator ning jaman Romawi kuna nanging karo setting modern.[2] Daniel Dae Kim meranaké guru bela dhiri kang diculik lan dipaksa tarung nganti mati ning arena karo karakter kang diperanké déning Samuel L Jackson.[2]
Dhèwèké njegur ning dunya filem awit taun 1994.[2] Kondhang amarga mbintangi serial LOST.[2] Suksesé serial mau nggawé kariré nambah apik.[2]
Film-filem kang tau dibintangi Daniel Dae Kim[1]:
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.