![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/b/b8/Portrait_of_Dangun.jpg/640px-Portrait_of_Dangun.jpg&w=640&q=50)
Dangun
From Wikipedia, the free encyclopedia
Dangun Wanggeom inggih punika asmanipun ingkang madegaken Gojoseon, kerajaan sapisan bangsa Koréa ingkang kalebet wewengkon Liaoning, Manchuria lan Semenanjung Korea samenika.[1][2] Adhedhasar saking sapérangan sumber sejarah Cina kuna ingkang nyerataken babagan sejarah Koréa, Dangun punika tiyang ingkang madegaken kerajaan Gojoseon, ingkang dipunetang nalika taun 2333 SM. Sinaosa istilah Dangun punika kondhang kanthi wiyar minangka tiyang ingkang madegaken, nanging wonten ing ingkang maringi teges minanga kepala suku besar ingkang dipunginakaken déning sedaya panguwasa Gojoseon salajengipun lan saged ugi tiyang ingkang madegaken ingkang asli punika Wanggeom.[1]