![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/f7/Rhodes0211.jpg/640px-Rhodes0211.jpg&w=640&q=50)
Kolosus ing Rodos
From Wikipedia, the free encyclopedia
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/f7/Rhodes0211.jpg/640px-Rhodes0211.jpg)
Kolosus punika patung saking Helios, ingnkang wonten ing pulau Rodos, Yunani, dipundamel déning Chares saking Lindos watara taun 292 kanthi 280 SM. Patung kasebat dipunanggep kaajaiban kuna ingkang wonten ing dunya. Saderengipun rusak, patung mau gadhah kainggilan luwih saking 30 mèter,patung paling inggil nalika jaman samana. Kolosus ingkang wonten Rodos punika Rodos gadhah kainggilan ingkang sami kaliyan Patung Liberty.[1] Patung mau saking kasil sisa perang Demetrios Poliorketes, panerus Alexander Agung nalika taun 305 SM.[2] Patung ingkang sampun misuwur punika dipundamel déning Chares saking Lindos, ingkang dipuntepang dados satriya ingkang jaga kutha Rodhes.[3] Piyambakipun murid saking Lysippus[4][5], sadèrèngipun sampun naté damel patung ingkang ageng.[3] Nanging dipunlajengaken kaliyan Colosus saking Rhodes,Colosus saking Rodhes punika dipunutus déning Chares saking Lindos (dipunmilai sasampunipun 304 SM ngantos 12 taun kanggé ndandosi Patung).[6] Patung ingkang awujud déwa Helios punika dipunyasa amargi ngenang kamenangan ingkang dipunrebut saking Demetrus.[1][2][3] Déwa Helios déwa surya saking mitologi Yunani, putranipun Titan Hyperrion kaliyan Theia, kakang saking déwa Eos (pajar) kaliyan Selene (rembulan).[7]