Coelacanth
From Wikipedia, the free encyclopedia
Coelacanth (ateges "eri ingkang berongga", saking tembung Yunani coelia, "κοιλιά" (berongga) lan acanthos, "άκανθος" (eri), dhedhasar eri siripipun ingkang gadhah gronggongan) [1] IPA: [ˈsiːləˌkænθ] punika nama ordo (bangsa) iwak ingkang kapérang dados satunggaling cabang évolusi tuwa dhéwé ingkang taksih gesang saking ulam berahang. Coelacanth dipunkira-kira sampun cures awis saking masa Cretaceous 65 juta taun kepengker. Kagungan gayutan kaliyan lungfishes lan tetrapoda, Coelacanth punika ulam ingkang taksih urip tuwa dhéwé ingkang saged urip 100 taun lan renang wonten ing kedalaman 90-100 mèter. Dumugi satunggaling spèsimen kapanggih wonten ing wétan Afrika Selatan, ingperairan Kali Chalumna taun 1938. Awit saking punika Coelacanth kapanggih wonten ing Komoro, perairan pulo Manado Tua ing Sulawesi, Kenya, Tanzania, Mozambik, Madagaskar lan taman laut St. Lucia wonten ing Afrika Selatan. Ing Indonésia, mliginipun sakiwa-tengené Manado, Sulawesi Utara, spésies punika déning masarakat lokal dipunwastani ikan raja laut [1]. Sapunika Coelacanth kantun kalih spésies inggih punika Latimeria menadoensis (Indonésia Coelacanth) lan Latimeria chalummae (Comoro Coelacanth). Lajeng jinis sanèsipun wonten 120 spésies sampun cures kanthun fosil kemawon [2].
Coelacanth | |
---|---|
![]() | |
Latimeria chalumnae | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Sarcopterygii |
Subklas: | Actinistia |
Infraklas: | Coelacanthimorpha |
Ordho: | Coelacanthiformes Berg, 1937 |