![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/d/d5/Coccinella_transversalis_2.jpg/640px-Coccinella_transversalis_2.jpg&w=640&q=50)
Coccinella transversalis
From Wikipedia, the free encyclopedia
Coccinella transversalis ya iku spésiès kumbang koksi kang tinemu ing Asia Kidul, Asia kidul wétan nganti Australia.[1]. Jeneng kumbang iki asring klèru karo Coccinella transversoguttata kang tinemu ing Eropah lan Amérika lor.
Coccinella transversalis | |
---|---|
![]() | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Arthropoda |
Klas: | Insecta |
Ordho: | Coleoptera |
Famili: | Coccinellidae |
Génus: | Coccinella |
Spésies: | C. transversalis |
Jeneng binomial | |
Coccinella transversalis Fabricius, 1781 | |
Sinonim | |
|
Kéwan iki wiwitan dironcé déning ahli zoologi Dhènemarken Johan Christian Fabricius ing taun 1781.
Dawané 3,8-6,8 mm lan sanajan sebarané banget ambané, nanging variasi wernané ora akèh. Lumrahé endhasé warna ireng lan suwiwiné warna abang utawa oranye kanthi tengeran ireng cacah loro[2].
Kayadéné lumrahé kumbang koksi, Coccinella transversalis wigati tumrap kridha tani, amarga mangan warna-warna kéwan gegremetan cilik kang dadi ama tetuwuhan mligi ing wiwitan nandur.[3]. Kéwan gegremetan kang dadi pangané kaya ta tuma godhong (afid).