Catherine saking Valois
From Wikipedia, the free encyclopedia
Catherine saking Prancis (lair 27 Oktober 1401 – pati 3 Januari 1437 ing umur 35 taun)[1] minangka Permaisuri Inggris saka taun 1420 tekan taun 1422. Panjenengané ya iku putri Raja Charles VI saking Prancis, garwa Henry V saking Inggris ,[2] ibu Henry VI saking Inggris dan Raja Perancis, lan liwat prastawa pernikahan rahasiané karo Owen Tudor, éyang Raja Henry VII saking Inggris.[3] mbakyu saking Catherine, Isabella saking Valois, minangka Permaisuri Inggris saking taun 1396 – 1399, minangka pangantèn cilik Raja Richard II saking Inggris [4].
Catherine saking Valois | |
---|---|
Rerincèn dhiri | |
Lair | (1401-10-27)27 Oktober 1401 Paris, Prancis |
Pati | 3 Januari 1437(1437-01-03) (umur 35) London, Inggris |
Pakuburan | Westminster Abbey, London |
Sisihan | Henry V saking Inggris nikah 1420; des. 1422 Owen Tudor nikah sakiwa-tengené 1431–32; randa 1437 |
Ibu | Isabella saking Bayern |
Bapa | Charles VI saking Prancis |
Lair ing Hôtel de St Pol, Paris, lan tilar donya ing Biara St Saviour utawa Biara Bermondsey, London, Catherine dikubur ing Westminster Abbey, lan sasuwéné mangsa papréntahan Henry VII tutup peti matiné mbukak kanthi ora sengaja, ngetokaké jenazahé, kang pirang-pirang génerasi narik perhatiané para wisatawan; kerangka Catherine ora dikubur manèh kanthi layak tekan mangsa papréntahan Victoria saking Britania Raya.