stadion bal-balan ing Barcelona, Spanyol From Wikipedia, the free encyclopedia
Camp Nou (asalé saka basa Katalan kang tegesé "lapangan anyar") iku salah siji stadion kang ana ing Spanyol, Barcelona. Stadion iki dadi kandhange FC Barcelona. Stadion iki dibuka wiwit taun 1957, kapasitase 98.772 kursi.[2]
Camp Nou | |
---|---|
Lokasi | Barcelona, Spanyol |
Koordinat | 41°22′51.20″N 2°7′22.19″E |
Pelepasan tanah | 28 Maret 1954 |
Dibuka | 24 September 1957[1] |
Pemilik | FC Barcelona |
Operator | FC Barcelona |
Biaya konstruksi | 288 juta peseta |
Arsitèk | Francesc Mitjans-Miró Lorenzo García Barbon Josep Soteras Mauri |
Kapasitas | 98.772[1] |
Ukuran lapangan | 105 m x 68 m [1] |
Pemakai | |
FC Barcelona (1957–sekarang) |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Camp Nou. |
Ing stadion Camp Nou duwé fasilitas 99.354 kursi. Stadion iki dadi stadion kang gedhé dhéwé ing Éropah lan nomer sewelas gedhé dhéwé babagan kapasitas. Stadion iki wis asring nganakake tetandhingan kelas internasional, kaya ta pinal Liga Champions, ing taun 1999. Stadion iki uga tau minangka kompetisi bal-balan ing Olimpiade 1992 kang dianakake ing Barcelona.
Stadion iki mapan ing Avinguda Aristides Maillol, ing distrik Les Corts ing Barcelona, ing panggonan iki uga ana yasan kang diarani Blaugrana Palau, kang digunakaké kantor. Ing sisihe stadion iki uga dibuka megastore FCBotiga lan Miniestadi.[3]
Arsitek Josep Soteras Mauri lan Francesc Mitjans Miró gawé proyek stadion migunakaké beton lan baja nganti 2 cincin saben tingkat. Payone migunakaké 26 balok kang nyangga baja, wujudé nyempit madhep lapangan. Wiwitane stadion iki mung bisa kamot 93.000 penonton.[2]
Camp Nou dibangun wiwit tanggal 28 Maret 1954 minangka stadion sadurungé Barcelona, Camp de Les Corts ora duwé ruangan kanggo ekspansi. Sanajan pisanane karancenakake bakalan diarani Estadi del FC Barcelona, jeneng kang luwih misuwur dienggo Nou Camp. Panapakasmanan Juni 1950 László Kubala, kaanggep dadi salah siji juru main Barcelona gedhé dhéwé awèh motivasi luwih lanjut kanthi pambangunan gedhong stadion kang luwih gedhé. Pambangunan Camp Nou dimulai tanggal 28 Maret 1954 sadurungé durubungi 60.000 wong kang seneng Barcelona. Gubernur Sipil saka Barcelona, Felipe Acedo Colunga mandhegani panyelehan watu pisanan, kanthi berkah saka Biskop Agung Barcelona, Gregorio Modrego. Pambangunan sasuwéné telung taun, bakalan ngentèkaké 336% saka anggaran biaya akir 288 yuta panonton.[4] Stadion iki resmi dibuka tanggal 24 September 1957. Sing buka stadion iki ya iku Mesias Handel.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.