Bèbèk ingon-ingon
From Wikipedia, the free encyclopedia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bebek lokal, bèbèk dalam negari, bèbèk ternak, utawa bèbèk ingon-ingon ya iku sawatara jinis bèbèk utawa bèbèk (Anatidae) sing umumé diingu utawa diternak kanggo dijupuk dagingé utawa endhogé. Jinisé bèbèk sing diingu umumé saka genus Anas lan Cairina, kaya ta bèbèk pelari lan menthog. Sawenèh bèbèk lokal sing nduwéni wulu kanthi warna kang éndah diingu minangka kéwan rerenggan lan pagelaran.
Bebek peliharaan | |
---|---|
bebek ingon-ingon salah sawijine yaiku bebek pelari lan menthok (lanang werna putih) | |
Cumbon | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Aves |
Ordho: | Anseriformes |
Famili: | Anatidae |
Génus: | Anas / Cairina |
Spésies: | Anas platyrhynchos; also Cairina moschata |
Subspésies: | A. p. domesticus |
Trinomial name | |
Anas platyrhynchos domesticus Cairina moschata momelanotus (Domesticated Muscovy duck) |
Bebek lokal uga nduwéni gegayutan paseduluran sing cedhak karo jinis bèbèk liyané, kaya ta itik serati utawa menthog lan uga bèbèk melewar.
Ingon-ingon bèbèk wis diwiwiti nalika éwon taun kepungkur, kira-kira diwiwiti saka Asia Kidul-wétan[1]. Kewan iki kawentar banget ing Asia, nanging wis ora kawentar ing Amérika lan Éropah, iki amarga daging bèbèk ingon-ingon ora lemu kayadaging pitik lan daging bèbèk iku luwih akèh ngemot gajih, mula rega daging lan endhog pitik luwih murah tinimbang daging bèbèk.[2]
Sanadyan daging bèbèk iku ora kawentar kaya daging pitik ing umumé, nanging sawenèh masakan sing saka daging bèbèk tartamtu kawentar banget ing kaanan tartamtu, kaya ta olah-olahan hotel-hotel gedhe sing ana ing kabèh donya, ngladekaké panganan olahan kelas dhuwur saka daging bèbèk.[3][4]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.