Buta-buta (Excoecaria agallocha utawa Excoecaria affinis) ya iku wit taunan saka kulawarga Euphorbiaceae. Wit iki dhuwuré bisa nganti 16 mèter lan dhiamèter galihé 40 cm. Galihé bèngkok lan mbonggol werna klawu alus lan ana bintil-bintil. menawa diceklek ngasilaké tlutuh werna putih kenthel.[1] Godhong lonjong 3–10 cm. Godhongé ijo kasar sing selang seling lan lunyu. Kembangé werna kuning keijonan. Kembange lanang utawa wadon tok. Wijiné werna ijo lan malih dadi soklat tuwa menawa wis mateng. Wiji kaya bal ukurané 5–7 mm.[2]

Thumb
Kembang saka wit Buta-buta

Biologi lan Ékologi

Thumb
Wit Buta-buta ana ing alas bakau

Kembang saka wit Buta-buta mekrok saben taun. Tanduran iki tuwuh nganggo wiji. Buta-buta tuwuh ana ing pesisir sagara kang lemahé masir. Bisa uga tuwuh ana ing alas bakau. Wit iki kasebar  ing bawana Asia kidul wetan nganti Australia.[3]

Piguna

Thumb
Wiji Buta-buta

Wit Buta-buta kayuné éntheng nanging kuat. Ing sajroning woh iki ngandhut tlutuh putih sing mbebayani. Tlutuh iki menawa kena mata bisa gawé wuta. Mulané diwènèhi jeneng Buta-buta. Kabèh perangan wit iki ngandhut upas.[4] Upas iki bisa kanggo nangkep iwak lani bisa kanggo piranti gawé dupa. Kayuné bisa kanggo gawé ukiran.

Kapustakan

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.