![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/7/7b/Acalypha_Hispida_DS.jpg/640px-Acalypha_Hispida_DS.jpg&w=640&q=50)
Buntut kucing
jinis tuwuhan / From Wikipedia, the free encyclopedia
Buntut kucing (Acalypha hispida) yaiku tetuwuhan perdu ngembang kang kalebu kulawarga Euphorbiaceae genus Acalyphine. Ing maneka tlatah, wit iki duwé aran liya kaya ta Wunga tambang, Lancuran, Lofoti lan Gou wei hong. Wit iki dhuwuré 2-3 mèter kanthi galih kasar, cawangan spondial, werna soklat kaijonan. Godhong wujud lonjong lan pinggiré mucuk eri. Godhong iki dawané 10–15 cm lan ambané 5–8 cm werna ijo enom. Balung godhong nyirip. Kembangé majemuk. Wit iki kalebu wit omah loro, ana wit lanang lan wit wadon. Wohé bunder cilik werna ijo. Wiji werna putih reged. Oyodé tunggang werna soklat.[1]
Sunyata Rikat Tuwuhan buntut kucing, Klasifikasi ngèlmiah ...
Tuwuhan buntut kucing | |
---|---|
![]() | |
Klasifikasi ngèlmiah ![]() | |
Karajan: | Plantae |
Klad: | Angiosperms |
Klad: | Eudicots |
Klad: | Rosids |
Ordho: | Malpighiales |
Famili: | Euphorbiaceae |
Subfamili: | Acalyphoideae |
Tribe: | Acalypheae |
Génus: | Acalypha |
Spésies: | A. hispida |
Jeneng binomial | |
Acalypha hispida Burm.f. | |
Tutup