kutha Bunkyō (文京区,Bunkyō-ku?) inggih punika salah satunggal saking 23 dhistrik istimewa ingkang mapan wonten ing Tokyo pérangan tengah, Jepang. Tokyo punika prefektur saéngga dhistrik kutha punika sejajar kaliyan kutha. Universitas Tokyo, Tokyo Dome, lan Kodokan mapan wonten ing kutha Bunkyō. Kutha Bunkyō punika kutha sastra, kutha pendidikan, lan kawasan griya. Saking jaman Meiji, kutha punika dados kutha pendidikan saéngga dados papan kanggé manggon para dosèn, politis lan ilmuwan. Ing kutha punika naté dinggèni déning sastrawan ageng kados Natsume Sōseki, Mori Ōgai, lan Kenji Miyazawa. Kajawi punika, kutha punika ugi kalebet kutha pusat rumah sakit, penerbitan, lan percetakan. Kathahipun wewengkon kutha punika kawasan kanggé griya, sekolah, kampus, lan rumah sakit. Kawasan kanggé sesadéan ingkang boten patia wiyar mapan wonten ing sisih kidul kutha. Wewengkon ingkang winatesan kaliyan kutha Chiyoda kados kawasan Honkomagome, Hongō, Koishikawa, Kohinata, lan Mejirodai saking rumiyin dados kawasan ingkang tentrem.
Kutha Bunkyō punika laladan ingkang gadhah kathah tanjakan. Titik paling andhap punika wonten ing Kōraku-itchōme (3,1 m dpl) déné titik paling inggil wonten ing Ōtsuka-gochōme (ing sanginggiling 30 m dpl).[1]
Wewengkon punika wiwit dinggèni déning manungsa saking 18.000 taun kepengker. Ingkutha Bunkyō kapanggihaken 28 situs arkéologi jaman Jomon. Sapérangan gerabah Jomon kapanggih wonten ing tumpuak kerang kawasan Hongō. Nalika taun 1884, gerabah ingkang kapanggihaken ing Mukōgaoka Yayoi dipunparingi nama gerabah Yayoi. Nama gerabah punika dipun-ginakaken kanggé nama salah satunggaling periode historis Jepang saking abad kaping 8 SM dumugi abad kaping 3 Masehi, inggih punika jaman Yayoi.[2]
Sepur (Kereta api)
Sanajan ing kutha Bunkyō boten wonten stasiun JR, nanging kutha punika gadhah stasiun kanggé sepur ingkang ngliwato 6 jalur kreta Tokyo Metro.
Tokyo Metro
Jalur Marunouchi Tokyo Metro: Stasiun Shin-Ōtsuka, Stasiun Myōgadani, Stasiun Kōrakuen, Stasiun Hongō-sanchōme, Stasiun Ochanomizu
Jalur Namboku Tokyo Metro: Stasiun Komagome, Stasiun Hon-komagome, Stasiun Tōdaimae, Stasiun Kōrakuen
Jalur Yūrakuchō Tokyo Metro: Stasiun Gokokuji, Stasiun Edogawabashi
Jalur Chiyoda Tokyo Metro: Stasiun Sendagi, Stasiun Nezu, Stasiun Yushima
Biro Transportasi Metropolitan Tokyo (Toei)
Jalur Mita Toei: Stasiun Sengoku, Stasiun Hakusan, Stasiun Kasuga, Stasiun Suidōbashi
Jalur Ōedo Toei: Stasiun Ueno-okachimachi, Stasiun Hongo-sanchome, Stasiun Kasuga, Stasiun Iidabashi
Perguruan tinggi
Negeri
Universitas Ochanomizu
Universitas Tsukuba (kampus Ōtsuka)
Universitas Tokyo (kampus Hongō)
Universitas Kedhokteran dan Kedhokteran Gigi Tokyo (kampus Yushima)
Swasta
Universitas Atomi (kampus Myōgadani)
Universitas Juntendo (kampus Hongō)
Universitas Takushoku (kampus Bunkyō)
Universitas Chuo (kampus Kōrakuen)
Universitas Terbuka Jepang (Pusat Tutorial Bunkyō)
Akademi Musik Toho
Universitas Toyo Gakuen (kampus Hongō)
Akademi Putri Toyo
Universitas Toyo (kampus Hakusan I & II)
Sekolah Kedhokteran Nippon
Nihon Joshi Daigaku
Universitas Bunkyo Gakuin
Akademi Bunkyo Gakuin
Sekolah Menengah Atas
Negeri
Sekolah Menengah Atas Universitas Ochanomizu
Sekolah Menengah Atas Universitas Tsukuba
Prefektur
Sekolah Menengah Atas Tokyo Metropolitan Koishikawa
Sekolah Menengah Atas Tokyo Metropolitan Kogei
Sekolah Menengah Atas Tokyo Metropolitan Takehaya
Sekolah Menengah Atas Tokyo Metropolitan Mukōgaoka
Swasta
Sekolah Menengah Atas Atomi
Sekolah Menengah Atas Ikubunkan
Sekolah Menengah Atas Global Ikubunkan
Sekolah Menengah Atas Ōin
Sekolah Menengah Atas Putra Keika
Sekolah Menengah Ékonomi Keika
Sekolah Menengah Atas Putri Keika
Sekolah Menengah Atas Keihoku
Sekolah Menengah Atas Keihoku Gakuen Hakusan
Sekolah Menengah Atas Komagome
Sekolah Menengah Atas Shōwa Daiichi
Sekolah Menengah Atas Universitas Chuo
Sekolah Menengah Atas Universitas Musik Tokyo
Sekolah Menengah Atas Putri Murata
Sekolah Menengah Atas Universitas Musik Toho
Sekolah Menengah Atas Putri Tōyō
Sekolah Menengah Atas Dokkyō
Sekolah Menengah Atas Buzan Universitas Nihon
Sekolah Menengah Atas Putri Universitas Bunkyo Gakuin