![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/82/Korea-Boseong-Green.tea-02.jpg/640px-Korea-Boseong-Green.tea-02.jpg&w=640&q=50)
Boseong
From Wikipedia, the free encyclopedia
Boseong ya iku sawijining kabupatèn kang dumunung ing pasisir kidul provinsi Jeolla Selatan, Koréa Kidul.[1] Kabupatèn iki diwatesi déning kabupatèn Goheung ing sisih wétan lan Jangheung lan Gangjin ing sisih kulon daya.[1] Tlatah Boseong mayoritas gunung-gunung, ora bisa ditanduri lan kurang bisadi akses nganggo transportasi.[1] Kacamatan ing Boseong misuwur tumrap produk teh lan kebun teh.[1][2] Kebun teh ana ing kacamatan Mundeok, Dangcheon, Bongnae, Beolgyo, kutha Boseong, lan ing pinggiran Gunung Gwi ing kacamatan Deungnyang.[1] Boseong dawon minangka kebun tehkang gedhé dhéwé ing Koréa Kidul lang mroduksi 90% teh ijo Koréa kang dumunung ing sisih kidul kutha Boseong.[1] Ambane kebun teh ing kabupatèn Boseong ngancik 600 hektar lan mroduksi sakiwa-tengené 70 ton godhong teh saben taune.[1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/82/Korea-Boseong-Green.tea-02.jpg/640px-Korea-Boseong-Green.tea-02.jpg)