![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/a7/Air_Berlin_B737-700_Dreamliner_D-ABBN.jpg/640px-Air_Berlin_B737-700_Dreamliner_D-ABBN.jpg&w=640&q=50)
Boeing 737
From Wikipedia, the free encyclopedia
Boeing 737 yaiku montor mabur komersial kanggo pamaburan cedhak lan prasaja.[4] Montor mabur iki pisanan diprodhuksi nalika taun 1967, Boeng 737 iku prodhuk saka pabrik montor mabur Boeing kang paling payu ana ing pasaran yaiku 6000 iji.[4] Boeing uga olèh rejeki kang akèh saka montor mabur jinis iki amarga montor mabur iki dadi montor mabur paling laris ing donya.[4] Nalika era 60-an, pesawat penumpang kang duwé kapasitas cilik lan let cedhak didominasi déning BAC 1-11 lan Douglas DC-9.[4] Boeing nalika jaman semana bisa dianggep kalah saka pesaing-pesaingé ana ing babagan gawé pesawat let cedhak.[4] Nalika taun 1964, Boeing miwiti program kanggo nggawé 737 nanging kanggo nyepetaké Boeing nganggo rancangan Boeing 707 lan Boeing 727 kanggo nggawé boeing 737.[4] Perkara iki ndadèkaké 737 luwih prasaja amarga ambané fuselage 737 kang didesain iki amot kanggo patang kursi, luwih akèh siji saka BAC 1-11 lan Douglas DC-9.[4] Tipe737-100 dadi desain pisanan Boeing lan amarga wanguné kang cekak lan lemu, Boeing uga dikenal dadi 'Baby Boeing'.[4] Sèri-100 lan-200 bisa dibédaké saka seri-seri liyané kanthi cara ndeleng panggon mesiné kang ana ing pérangan swiwi.[4]
![]() | |
Boeing 737 | |
---|---|
Boeing 737 | |
Tipe | Airliner |
Produsen | Boeing Commercial Airplanes |
Pisanan mabur | 9 April 1967 |
Status | Active |
Pemakai | Southwest Airlines Ryanair Continental Airlines Alaska Airlines |
Diproduksi | 1968 – saiki |
Cacah digawé | 6,687 as of Fèbruari 2011[update][1] |
Rega satuan | 737-100: US$32 million[2] 737 NG: US$51.5-87 million (2008)[3] |
Varian | Boeing T-43 Boeing 737 Classic Boeing 737 Next Generation |
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/26/AirBerlin_B737-800_D-ABBF_MUC_2008-08-13.jpg/640px-AirBerlin_B737-800_D-ABBF_MUC_2008-08-13.jpg)